Kaca iki wis divalidasi
28
- GANGSA GESANG, REP,
- POCAPAN (27),
- GANGSA GESANG, LALAJENGAN, REP.
Wau ta lampahira pun Tumenggung Mamangdana, lan Tumenggung Amonggarba, kèndel wonten sajawining Ngéndrabuwana, sadangunira kèndel, angraos sami boten sekéca manahipun, lah ing ngriku pun Mamangdana nulya wicanten.
POCAPAN (28).
Lah ing ngriku pun Tumenggung Mamangdana, nulya dèn tututi lan wadya Ngéndrabuwana, sarta dipun-uwuh-uwuh kinèn kèndel.
KANCA PASINDHEN MUNGEL, HEH, MAMANGDANA
MANDHEGA MANDHEGA,
POCAPAN (29)
Wau ta diktya Amonggarba, ingkang sumedya methukaken Sangywang Déwasubrangta, lah ing ngriku nyat anulya majeng.
- GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (30)
GANGSA PLAJARAN, PRANG, REP.
Wau ta Sangywang Déwasubrangta, èsmu karépotan juritira, sekala tandya cinandhak binucal dhawahira tebih.
GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (31).
Éling Sangywang Subrangta keplajar, nyata-nyata. Wau ta sareng katalika dhateng Sangywang Srengganidéwa, arsa mangsah ing ngayuda, lah ing ngriku nyat anulya majeng.
GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (32),
GANGSA PLAJARAN, PRANG, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (33).
Éling diktya Amonggarba keplajar, nyata nyata. Wau ta pun Tumenggung Mamangdana, sareng sumerep diktya Amonggarba