Kaca iki wis divalidasi
21
GANGSA GESANG, REP,
POCAPAN (12),
GANGSA GESANG, DHAWAH AYAK-AYAKAN, REP.
Wau ta sakondurira wong agung Dwarawati, ing Kemandhungan boten kèndel, ing Srimenganti boten pinarak, lah ing ngriku kèndel wonten Danapratapa, punapa ingaranan Danapratapa gapura. Ingkang ingaranan gapura, korining kedhaton ingkang mijil sapisan. Punapa ingaranan gapura, gedhé méru dhu-
- wuré, adi luwih bagusé, rukma kancana. Mila gapura ingaranan Danapratapa, danané yén kalangkahan jalma jalu lan éstri, tapané yèn kodanan kepanasen, lah ing ngriku wong agung Dwarawati sareng angiwa tingalé, wonten bremara anguswa sari, sari meksih kudhup dèn ingsep ing bremara, akèh solahing bremara, ana teka mèsem salebeting galihira wong agung Dwarawati.
GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON, KAWIN,
POCAPAN (13)
Wau ta wong agung Dwarawati, ingkang kondur angedhaton, tan liya ingkang ginalih, amung sadhatengira ingkang putra Radèn Gathutkaca, ya mangkana yitnanira wong agung Dwarawati, “ora kaya lakuné si kulup Gathutkaca, diutus yayi Prabu Ngamarta, teka nènès temen tembungé.”
- GENDHING NENES, REP.
Anenggih punika ingkang wonten salebeting kedhaton, ing Gupit Mondrogini, rangka musthika, kamarmaya adi, garwanira Sri Naréndra ing Dwarawati, sinten sadasa namanira, dasa sepuluh nama aran. Garwa ingkang sepuh piyambak, ingkang wonten tengah punika, akekasih Kangjeng Ratu Jembawati. Tengenira punika garwa ingkang pamadya, akekasih Kangjeng Ratu Setyaboma, kiwanira Kangjeng Ratu Jembawati punika, garwanira Sinuwun ing Dwarawati ingkang taruna, akekasih Kangjeng Ratu Rukmini. Wondéné kilènira Kangjeng Ratu Rukmini punika, kadangira taruna Sinuwun ing Dwarawati, ingkang kagarwa satriya ing Madukara Radén Janaka, akekasih Sangdyah Retna Wara - Sumbadra, samurcanipun ingkang raka satriya ing Madukara, Sang Kusuma tandya binoyong ingkang raka Sinuwun ing Dwarawati. Ingkang kapéring wuri punika, ingkang kilèn putranira wong