Kaca iki wis divalidasi
20
GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (9).
Wau ta Radèn Gathutkaca, sareng sampun kaparingan
- priksa dhumateng ingkang uwa wong agung Dwarawati, ana yogyani inggih lajeng badhé tindak dhumateng nagari Ngamarta, Radèn Gathutkaca akarsa nyuwun pamit anulya matur.
Wau ta Sinuwun ing Dwarawati, sareng sampun rampung dhawuh pangandikanira, wong agung Dwarawati angragoni tuhu
POCAPAN (10)
GANGSA PLAJARAN, REP.
Wau ta sapengkerira Radèn Gathutkaca, wong agung Dwarawati akarsa ndhawuhi Kyana Patih Udawa, tuwin Radèn Sencaka, Radèn Riya Sĕntyaki, sawadya Dwarawati ingkang sepalih, sami kinén ndhèrèk, dhumateng nagari Ngamarta, wondéné ingkang kakersakaken tengga nagari, Kya Tumenggung Dwuwajaya nganthi wadya Dwarawati ingkang sepalih, Sri Naréndra nulya ngandika.
POCAPAN (11).
- sebda pandhita ratu, ngandika sapisan rampung, lir mangsi tumamèng dlancang, tan kena lumèbèk, Sri Naréndra arsa kondur angedhaton, tedhak saking palenggahanira dhampar denta, jlog.
GANGSA GESANG, REP.
Wau ta wong agung Dwarawati, pantes tan ana wing wang yèn ari kalanira kondur nggènira siniwaka, ginarebeg sakathahing para biyada, manggung tanapi bedhaya, plara-lara ingkang ngampil upacara-dalem, udakawis kalih lajur sisih, kang rompyoh-rompyoh sinomé, ingkang ijo pilingané; ingkang sapekak tengahé, ingkang sajari miring tapaké, kang makah-makah jajané, kang pating karencang bayuné, kang mandul-mandul payudarané, kang - kétol-kétol brotolé, kang gampang pelatukané, swaranira gumerah, mara-mara, dug-grudug-grudug. Lah ing ngriku wong agung Dwarawati, sareng mulat kanan kéring wuri-dalem, ingkang nampi semu dalem, lelurahing para gusti, nyai lurah Udakara, kaliyan nyai lurah Patrajiwa, wedalira inggal-inggalan.