Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

16

sangga ing pratiwi, kaungkulan ing ngakasa, kang kagebeng ing mahara, kang kasiwer ing samodra laya, ingkang kawinunan Sangywang Pratanggapati, datan paja mirib kadi wong agung

  1. Dwarawati, luhuring kawisésanira, pranyata Prabu Dwarawati punika, ratu adil pala marta, tansah mulé belaba ing donya, dana boga lumintu ing saben dina, ngupaya dasih utama, amulang bala baliku, angganjar ing ngaprang pupuh, ngapura tiwasing wadya. Datan ngendhak gunaning wong, kasuranira pinuja, agung titi paniksa, mintir pangrèhing utama, panjenenganira naréndra, tuhu jawata angéjawantah, kinasihan ing Sangywang Utipati, kinamulèn widadari, kinacèk samining ratu. Sinten ta dasa namanira wong agung Dwarawati punika, dasa sepuluh nama aran, ajujuluk Maharaja Bathara Kresna, Bathara Kresna inggih Mraja Danardana, Mraja Danardana inggih Prabu Cakrapani, Prabu Cakrapani inggih Mraja Padmanaba, Mraja Padmanaba inggih Prabu Trimurti, Prabu Trimurti inggih Sang Sri Pamangsah. Mila ajujuluk Ba-
  1. thara Kresna, tegesé irengé manungsa, pranyata wong agung Dwarawati punika, cemeng pamulunira, kadya ta kaca ginebeg, dumugi getih balung sungsum manahé, yèn menggah ayam ayam cemani, kénging kadamel tulak, sanadyan nata ing Dwarawati inggih kénging kadamel srana, yen wonten nagari rengka, katindakan Prabu Dwarawati lajeng mulya, utawi bénjing prang brangtayuda jayabinangun, inggih kadamel srana tiyang Brata Pandhawa. Pramila ajujuluk Prabu Danardana, déning naréndra trusing paningal sidik ingkang sebda, awas salebeting saré priksa sadèrèngé winarah, pramila ajujuluk Prabu Cakrapani, pranyata wong agung
  1. Dwarawati punika, agemira dedamel sanjata Cakra, tegesé wignya anganam mungkasi saliring prakawis. Mila tengran Prabu Padmanaba, pranyata kagadhuhan sekar Wijayakusuma, pangwasanira saged mulyakaken tiyang pejah ingkang dèrèng pinasthi. Mila ajujuluk Prabu Trimurti, kadigdyanira wignya tiwikrama, yèn bek krodha malih warna, kasor Ywang Bathara Kala, sirah tiga Ywang Siwah Brama Rodra Ywang Kala, déwa minangka sarira kapya. Sirna kamanungsanira mawantah kajuwatanira, gengnya yayah prabata agra anglebur buwana, mila ajujuluk Sang Sri Pamangsah, basa Sri Ratu, Pamangsah sampun amastani, pasah liring agal lembat, aglung puji panglembana, luhurira angungkuli ngakasa, padhangnya langkung baskara. Pranyata Prabu Dwarawati punika,
  2. trus padhang paningalé, ageng oboré, atebih kuncarané, tinenga