147
Bathara Brama, ingkang yuda gada lan pun Patih Bomakéndra sakelangkung déning ramé, tinon lir sawung atanglet, sami luhurira, tan wonten ingkang kuciwa, dhosok-dhinosok, bindi-binindi, dhengkah-dhinengkah, kuwel cangklet alintu nggén, sami prakosanira, lah ing ngriku Kya Patih Bomakéndra, sareng kasliring panggadanira tandya tinitir ing bindi.
SUWUK, ADA—ADA,
SUMBAR (412),
PLAJARAN, SUWUK.
Sébetbyar wau ta, wadyabala Ngimataka tuwin wadyaning para raja-raja satiwasira Kyana Patih Bomakéndra, wadya alit lajeng sami bedhol songsong tuwin ingkang umbul-umbul, ronték lelayu bubar larut salang tunjang dhadhal tan mangga puliha.
PLAJARAN, THO, THO, THO, SUWUK, LAGON.
Wau ta saundurira wadyabala Ngimataka, Sangywang Kanékaputra tuwin ingkang para jawata, akarsa pepanggihan kalawan ingkang wayah Sri Bathara Kresna tuwin kadang Bratapandhawa, akarsa sowan dhumateng Junggringsalaka, anggalih badhé boja wiwaha Sang Resi Mintaraga, kadhaupaken lan Sangdyah Retna Supraba, wonten ing swarga Tinjomaya ingkang lagya sami nedheng némira.
GENDHING GONJANG ANOM, REP,
POCAPAN (413).
Wau ta telas cariyosira ringgit ingkang lelampahan Boma myang Mintaraga, éstu gawat paragat ngripta nindita, harténg dita mrih ngibarat atumpa-tumpa, tepa tulat tetéla langen lalata tan lyan panjum panjinging puji, susugun mring Sang Maha Ingkeng Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengkubuwana, Sénapati Ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, Kalipatolah Ingkang Jumeneng Kaping Wolu, Kumendhur in dhe Ordhe pan dhe Nederlanse Leyo Grut Opisir pan dhe Ordhe pan Oranye Nasao Met Silperen Ster, Grut Kris dher Meklenburgse his, Ordhe pan dhe Wendise Krun, saha Jendral Mayuring wadyabalanipun Kangjeng Sri Maharaja Putri ing negari Néderlan, ingkang sudibya angrenggani karaton dalem ing Ngayogyakarta Hadiningrat, sinawunga ing sih pariminta ingkang Rama Kangjeng Tuwan Résidhén tuwin ingkang Eyang Kangjeng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupernur Général, saéstullulusa supeket prasobat ginunturan tresna, wilasa lusweng pudya trusing kaluhuran-dalem. harga kartanipun nagari-dalem ing Ngayogyakarta Hadiningrat ri wusnya tiniti brasthaning pasamuwan lelangen-