Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/160

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

146

semono baé boboté. ora sembada karo kasaguhané ana ngarsané Kangjeng Déwaji. bledag-bledag kaya andilata wesi abang, kaya mutungna wesi gligiran, toging prana abot merang sagédhéng”, lah ing ngriku sareng mulat Sangywang Bathara Brama, sangsaya muntap kurdhanira, ya mangkana yitnanira Kya Patih Bomakéndra, "sapa déwa mapagaké menyang aku iki, déné angluwihi temen kumawanéné, sembada karo rupané lan prakosané, pangrasa ora ana kang bisa ngalahaké, dakkira sepisan iki ketanggor padha becik, ora wurung ana kang kacangking murdané salah siji”, wondéné yitnanira Sangywang Bathara Brama, "baya iki sénapatinya titah Ngimataka, ketara panganggonya béda lawan kang akeh-akeh, sarta pasang pasemonnya patut kasup kasasra digdayanya, iya senajan kita wignya ambedholna arga, angesatna samodra, pengrasaning tyas ulun kita tan cuwa mungsuh ulun”, yekti mangkana yitnanira

GANGSA GESANG, PRANG KANTARAN BAU,

SUWUK, ADA—ADA.

POCAPAN (408).

Wau ta risang kalih nulya ngasta agemira gada lan bindi, cag, sarwi ngandika.

POCAPAN (409)

PLAJARAN, REP.

Wau ta Sangywang Bathara Brama sareng sinabet ing gada pok talinganira kéring, ambruk ing kisma, supé purwa duksina, Patih Bomakéndra girang sumbar nulya wicanten.

POCAPAN (410)

Lah ing ngriku Sangywang Bathara Brama sareng kasilir ing samirana, jenggirat anulya wungu.

GESANG, REP.

Wau ta Kyana Patih Bomakéndra sareng kénging binindi jajanira, ambruk ing siti, supé purwa duksina, Sangywang Bathara Brama girang sumbar nulya ngendika.

POCAPAN (411),

GESANG, REP.

Wau ta Kya Patih Bomakéndra, sareng kasilir ing mandra maruta, jenggirat anulya tangi, tandya sami ambruk sareng. Wau ta Sangywang