Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/159

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

145

 Éling Prabu Hardawasésa kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta kocapa Mraja Kagéndrasura, ingkang wonten jumantara anjangkung yudanira wadyabala Ngimataka, kocapa Radèn Gathutkaca ingkang wonten jumantara, sareng priksa dhumateng Mraja Kagéndrasura anulya dènpethukaken, tindakira énggal-énggalan.

PLAJARAN, MABUR, REP,
POCAPAN (405),
GESANG, PRANG, REP.

 Wau ta Radèn Gathutkaca, sareng kinabruk jajanira dhawah ing siti, supé purwa duksina, Mraja Kagéndrasura girang sumbar nulya wicanten.

POCAPAN (406)

 Wau ta Radèn Gathutkaca, sareng kasilir ing samirana, jenggirat anulya wungu, tandya mesat ing jumantara.

GESANG, PRANG, REP.

 Wau ta Radèn Gathutkaca ingkang yuda lan Mraja Kagéndrasura sakelangkung déning ramé, tan wonten ingkang kuciwa, dedel-dinedel kuwel cangklèt alintu papan, rok-rinok asilih ungkih, lah ing ngriku Radèn Gathutkaca ambek sarosa, Mraja Kagéndrasura nulya binithi kang murda, sirah sigar dados sekawan.

GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (407).

 Éling Mraja Kagéndrasura kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika dhateng Kya Patih Bomakéndra, sareng sumerep rajaning peksi kapara tiwas, sakelangkung bremantyanira, akarsa mangsah ing rananggana, tedhak sangking titihanira turangga, jlog, kapethukaken Sangywang Bathara Brama, risang kalih sareng mulat mangilèn, katingal sumírat anglayung ingkang radiptya.

GENDHING SUMIRAT, REP.

 Wau ta saajengira Kya Patih Bomakéndra, wadya ing Ngimataka upaminya kadya bendungan bedhah katempuh ing banjir ageng, dhadhal larut tan mangga puliha, namung kantun lajeripun kémawon, sinten ta ingkang minangka lajer, inggih Kya Patih Bomakéndra angléla mandyèng rananggana, ya mangkana yitnanira Kya Patih Bomakéndra, "ya jagad déwa bathara, ora talah para raja nararya ing Ngimataka, mung