144
cangkemé naga, sekala sinundep ing kuku pancanaka, tumanduk teng gaking naga akapisanan, kuwanda blas anulya sirna.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (398),
PLAJARAN, SUWUK.
Éling Prabu Wisamuka tiwas, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika dhateng Prabu Hardawasésa, yèn Prabu Wisamuka kapara tiwas, arsa majeng ing sura madilaga, kapethukaken putra ing Jodhipati Radèn Antareja, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (399)
PLAJARAN PRANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (400).
Wau ta wong agung kalih anulya ngasta agemira gada lan bindi.cag, sarwi ngandika.
POCAPAN (401)
PLAJARAN, REP.
Wau ta Radèn Antareja sareng kénging ginada pok talinganira kéring, ambruk ing siti, supé purwa duksina, Prabu Hardawasésa girang sumbar nulya ngandika.
POCAPAN (402).
Wau ta Radèn Antareja sareng kasilir ing samirana jenggirat anulya wungu.
GANGSA GESANG, REP.
Wau ta Prabu Hardawasésa sareng kasliring panggadanira, kénging kabindi pok jangganira, ambruk ing siti, supé purwa duksina, Radèn Antareja girang sumbar nulya ngendika.
POCAPAN (403).
Wau ta Prabu Hardawasésa, sareng kasilir ing mandra maruta, jenggirat anulya wungu tandya tinitir ing bindi.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (404),
PLAJARAN, SUWUK.