143
SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (395),
PLAJARAN, SUWUK.
Éling pun diktya Wisabajra, Wirapati pejah, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika dhateng Prabu Wisamuka, kapethukaken satriya ing Jodhipati Radèn Arya Werkudara, sareng majeng ing rananggana, ana teka kumricik sisiking naga.
GENDHING RICIKRICIK, REP.
Wau ta Mraja Wisamuka ingkang ajeng-ajengan kaliyan satriya Jodhipati, ya mangkana yitnanira mraja teksaka, "sapa prajurit kang wani mapagaké menyang aku iki, apa sénapatiné Bathara Éndra, déné sembada temen wujudé, sumengguh sumekti-sekti, kumedhèp kuméringkéring, lumaku kawedènana, iya anggeré kowé betah baé geguyon karo aku, adoh daksembur ora gogrog awakmu, arep apa baé, perak daksaut gulumu, ora pedhot, aja diarani Wisamuka, mangsa olèha papan", wondéné yitnanira Radèn Arya Werkudara, "baya iki panggedhéné buron alas, déné ngluwihi temen gedhéné ula iki, sajekku kumethip ana marcapada, durung weruh ula semono gedhéné, awaké déné kaya gigiring gunung diwlagar, kumrangsang sisiké, anggegila tingkahé, ambek agul digung agora godha, ngolang-ngaling cangkemé mangap-mangap kaya anyaut-nyauta, upasé nrècès kaya teluh braja, apa aku dikira wedi, nadyan wuwuha patang kowé aku mangsa wediya, méndah déné pocapané yèn Werkudara mundur karo ula mengkono baé, pengrasané atiku ya anggeré cedhak baé, kena dakbithi sirna déning aku", titi mangkana yitnanira satriya ing Jodhipati.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (396),
PLAJARAN PRANG, REP.
Wau ta Radèn Arya Werkudara ingkang yuda kalih Prabu Wisamuka, seklangkung déning ramé, kekajengan kathah rebah kasulayah, kang malang-malang rimbas, kang rawé-rawé rantas bosah-basih lir péndah binabadan, Radèn Arya Werkudara karépotan pinulet ing teksaka tan wignya uwal.
GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (397).
Wau ta Radèn Arya Werkudara, ambek sarosa tandya pinengkang