Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/156

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

142

 Éling diktya Wiradha, Wiradi, Wiradarpa pejah, nyata, nyata. Wau ta, sareng katalika dhateng pun Wisagunjarà, kapethukaken Sangywang Bathara Bayu, "ora talah Si Wisagunjara, tenaganya anggegerisi, ngolang-ngaling angerak-ngerik, semunya kaya angrubuhna arga kawismayaning tyas ulun, dientèkna kasuranmu dikadya gundhala ngampar, mangsa ulun undurana, iya ywan wignya parek baé ulun bithi teka muncrat polomu", wondéné yitnanira pun Wisagunjara, "ora talah Si Bathara Bayu, gedhé dhuwur wanter atetek atiné, pecak dakgegiro ora nganggo owah tandangé, polahé digawé-gawé, semuné kumendhung kumasura, angkuhé kuméring-kéring kaya wong dikawedènana, ya ta pengrasaning atiku Bathara Bayu, sok ngantia ruket baé dakcocok ing gadhing ora wutah jaringamu", yekti mangkana yitnanira pun Wisagunjara.

GESANG, REP.

 Wau ta Sangywang Bathara Bayu, ingkang yuda lan pun Wisagunjara, seklangkung déning ramé, kekajengan kathah rebah kadya binabadan, ingkang kasandhung kadhaut kasulayah, siti kèdeg kèles medal kang tirta, wiyaripun antawis satengah jung, Sangywang Bathara Bayu karépotan kapetek ing dirada ngantya waket dhengkul ndhéprok rebah, jèngkèng lajeng dènkakahi.

GESANG, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (391),
POCAPAN (392)
KAWIN BAYU.

 Wau ta Sang Bathara Bayu ambek sarosa, dirada kongkal sangking angga, pun Wisagunjara cinandhak telalénira, kinisar kumbul ing tawang, sareng dhawah nulya dènbithi sirahira sigar.

PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (393),
PLAJARAN, SUWUK

 Éling pun Wisagunjara pejah, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika dhateng pun Wisabajra, apethukaken putra ing Madukara Radèn Bambang Sumitra, lah ing ngriku nyat nulya majeng sareng.

PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (394),
PLAJARAN, PRANG TIMBRUNGAN, SUMITRA MAWI DHUWUNG,
WIRAPATI NIMBRUNG, DENAWA KALIH PEJAH,