141
gesangira kang telak kataman ing Pasopati, lah ing ngriku Sang Prabu Nirbita sirna, kuwanda gumuling awor lan siti, Sang Retna Supraba atandya mesat ing jumantara, blas anulya sirna.
PLAJARAN, SUWUK, LAGON TLUTUR,
SUMBAR (386).
Wau ta kuwandanira Sang Prabu Nirbita gilang-gilang anulya sirna
LAGON TLUTUR.
Wau ta Sangywang Bathara Nurada, Sangywang Bathara Éndra, Sangywang Bathara Brama, Sangywang Bathara Sambu, Sangywang Bathara Bayu, tuwin wong agung Dwarawati, Ngamarta, tanapi satriya ing Jodhipati sareng priksa Sang Prabu Nirbita kapara tiwas, akarsa mrepeki dhumateng Sang Resi Mintaraga, tindakira énggal-énggalan.
PLAJARAN, SUWUK,
POCAPAN (387),
DÉWA SAKING KIDUL, DWARAWATI SAKING LÈR,
MINTARAGA JÈNGKÈNG NGAJENG KANDHA,
PLAJARAN, SUWUK.
Sébetbyar wau ta, sampun tempuk ing ngayuda wadyabala Ngimataka lan para nararya ing Pandhawa tuwin wadya bujungan wana ing Nungsagrembula, sakelangkung déning ramé. Wau ta sareng katalika dhateng pun diktya Wiradha nulya majeng ing rananggana, kapethukaken putra ing Madukara Radèn Bambang Irawan, lah ing ngriku nyat anulya majeng.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (388),
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (389).
Wau ta Radèn Bambang Irawan, anulya ngasta agemira jemparing, cag, angiwakaken gandhéwa, anengenaken jemparing.
KAWIN, PLAJARAN, TIMBRUNGAN,
WIRADI WIRADARPA PEJAH,
SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (390),
PLAJARAN, SUWUK.