Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/154

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

149

 
JANAKA ICAL SARENG SUPRABA MABUR NGALÈR
KRESNA NUTUTI MABUR,
GANGSA PLAJARAN LAJENGAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (382).

Sébetbyar wau ta, Risang Prabu Nirbita, sareng kuciwa juritira sekala amesu cipta, ngeningaken tingal dhateng Sangywang Misésa, seklangkung dènya meminta dhateng ing jawata mulya, punapa kang dèncipta Prabu Nirbita agemira pusaka pamungkasing ngayuda, lah ing ngriku nulya dènkepel astanira, medal limpung pamungkasing satru, tandya tumamèng asta cag, Sri Naréndra nulya ngandika.

POCAPAN (383),
PRANG JEBLOSAN, JANAKA KADHAWAHAN LIMPUNG
TUMANCEP API-API PEJAH, DHAWAH NGAJENG KANDHA
MAJENG NGALÈR NGILÈN, WINATAKWACA NGADEG
SANTEN LÈR,
SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (384).

Sébetbyar wau ta, Sangdyah Retna Supraba ingkang wonten ing jumantara, sumerep Sang Resi Parta kataman limpung wasésa api-api pralaya, tandya arsa mrepeki Prabu Winatakwaca, sekala cumlorot saking jumantara, clorot, clorot, clorot.

GANGSA PLAJARAN,
SUPRABA KENDEL LERES SAKA SANTEN,
WINATAKWACA ULAP-ULAP MAJENG NGIDUL.
GANGSA SUWUK, LAGON JUGAG,
POCAPAN (385)₂|
SUPRABA NOLEH,
LAGON JUGAG, LAJENG NYELAKI WINATAKWACA
MAWI NYEBLÈK KAPING KALIH, WANGSUL MANGIDUL.

Wau ta Sang Prabu Winatakwaca sareng mireng pangandikanira Sang Retna Supraba seklangkung kepranan galihira, sekala arsa guntur ing srenggara (ngungrum). Sébetbyar wau ta, Prabu Winatakwaca, sruning suka kasilip nir kang wewéka, mangap, tutuk mangisis éntyar-sah niscaya ningali Sang Retna Supraba, sinareng puputing janji, dadya katingal laklakanira angléla. Wau ta, Risang Arjuna prayitna saparipolahnya Sang Nirbita, amesu sara wastra Pasopati, mijil tinandukaken anglir kilat, sekala tumanduk kang Pasopati, titis kénging aji pejah