Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

139

jemparing, jumangkah suku kang kiwa, mancat siti suku kang tengen, gumerèt kang langkap denta, lumepas anglir kilat, tumanduk murdanira Sang Winatakwaca, sareng kataman jemparing Kyai Sarutama sekala pegat jangganira, kuwanda gumrebug dhawah ing siti.

PLAJARAN, JEMPARING LUMEPAS, REP,
SUMBAR (377),
NIRBITA DHAWAH SANTEN SEMBAHAN.

 Wau ta Sang Prabu Winatakwaca sareng kataman warastra Kyai Sarutama, sekala pegat jangganira caket kalawan griwagranira. Sébetbyar wau ta wong agung ing Ngimataka, bawané datan kataman griwagranira telenging kang pejah gesang, sekala dadi tiwikramanira, kang murda tuntum lan angganira malih, tandya angarejet, sareng kasilir ing samirana jenggirat anulya wungu tandya majeng rananggana malih.

GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (378).

 Wau ta Sang Prabu Winatakwaca anulya mesu jemparing wasésa, cag, sarwi ngandika.

POCAPAN (379).

 Lah ing ngriku Sang Prabu Nirbita nulya angiwakaken gandhéwa, anengenaken jemparing, jumangkah suku kang kiwa, mancat siti suku kang tengen gumerèt kang langkap denta cumlorot lir kilat, Sang Resi Mintaraga sareng kataman warastra dibya tandya malesat dhawahira tebih.

PLAJARAN, REP,
SUMBAR (380),
GESANG LAJENGAN,
WEDALIPUN KRESNA, SUPRABA SAKING KIDUL,
KÈNDEL GAWANG, MINTARAGA DHAWAH SIRIG KATAMPÈN
KRESNA, JANAKA MIRING,
SUWUK,
POCAPAN (381).

 Wau ta Risang Begawan Suciptahening tuwin Sangdyah Retna Supraba, sareng sampun tampi dhawuhira Sinuwun ing Dwarawati nulya mangsah ing rananggana malih, tindakira énggal-énggalan.