138
PRANG BINDI LAN DHUWUNG,
JANAKA KAPLESAT DHAWAH GAWANG SEMBAHAN,
NYEPENG JEMPARING DIPUN LEPASAKEN,
NIRBITA KAPLESAT DHAWAH GAWANG LÈR AMBRUK,
GANGSA GESANG, SUWUK.
Wau ta Prabu Winatakwaca, sareng kataman ing jemparing, ambruk ing siti njebabah ndhepani siti bantala, sareng kasilir ing samirana jenggirat anulya wungu.
KAWIN PANGKUR.
Ambeg Sang Winatakwaca, gumaleger lir giri rodra ngerik, agoyang amanggut-manggut, kurdhambek lir Ywang Kala, sru gurnita mahawan kang jagad gempur, arsa mangun tiwikrama, salira lir arga agni.
WINATAKWACA MAJENG NGIDUL.
Sébetbyar, wau ta Sang Prabu Nirbita sekala amangun tiwikrama, nyipta guru nadinira Sangywang Bathara. Kala, kang salira ageng lir prabata agni, wahananya Sang Wintakwaca kang tutuk medal dahana, pating samporot andalèdèg naraca kala, warastra makethi-kethi, lah ing ngriku Sang Prabu Winatakwaca anulya ngasta ingkang warastra prabawa, cag, tandya lumepas kadya kilat.
PLAJARAN, REP.
Wau ta Risang Begawan Suciptahening ingkang kadresan ing warastra dibya, tansah dènéndhani kémawon, solahira kadya prenjak tinaji, lir dhedhali nyampar warih, tandangira kebat trengginas kesit lir thathit, ingkang sara warastra tansah tinangkis ing kunca sarwi angèn wirama, wong agung ing Ngimataka girang sumbar wengis wijiling sabda, Sri Narendra nulya ngandika.
POCAPAN (375),
SER JEGLEG, SER JEGLEG, SER JEGLEG,
ANULYA MAJENG ING RANA MALIH,
GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (376).
Wau ta Risang Begawan Suciptahening anulya ngasta agemira jemparing Kyai Sarutama, cag, angiwakaken gandhéwa, anengenaken