137
Sébetbyar wau ta, Sang Prabu ing Ngimataka ingkang majeng sura madilaga, kapethukaken Sang Begawan Mintaraga, yèn sinawang sangking mandrawa satuhu prabu tama cahyanira.
GENDHING PRABUTAMA, REP.
Wau ta Sang Prabu Nirbita ingkang majeng sura madilaga, sareng aningali Sang Resi Mintaraga lir ingobar jajanira; ya mangkana yitnanira Sang Prabu Nirbita, "iki Si Mintaraga methukaké menyang aku, mula nyata bagus temen rupané, anom dhasaré, mung cacaté dakarani wong tanpa ngrasa wani mungsuh karo aku, saiki sida kacandhak, ora wurung daktalèni, nyata iki Si Mintaraga sarayané Bathara Éndra, ingkang angrusak gapura kancana rukma, banjur wani-wani nggawa nimas Supraba, apa angluwihana adigdayané Si Mintaraga, senajan bisa anguntragna bumi sap pitu, mangsa padhaa kadigdayané karo Si Winatakwaca, ora wurung sida sirna déning aku", wondéné yitnanira Sang Begawan Suciptahening, "iki Si Winatakwaca methukaké marang aku, iya senajan bangeta nepsuné, aku mangsa wedia, jer anglakoni dhawuhing jawata ingkang misésa", yekti mangkana yitnanira Sang Resi Mintaraga.
GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (373),
Wau ta Prabu Winatakwaca anulya ngasta agemira jemparing, cag, angiwakaken gandhéwa, anengenaken jemparing, jumangkah suku kang kiwa, mancat siti suku kang tengen, gumerèt kang langkap denta.
PERPAT SAMI KÉSAH,
PLAJARAN SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (374).
Wau ta Sang Begawan Suciptahening anulya ngasta agemira jemparing, cag, angiwakaken gandhéwa, anengenaken jemparing, jumangkah suku kang kiwa, mancat siti suku kang tengen, gumerèt kang langkap denta, tandya lepas kadya kilat.
PLAJARAN, REP.
Wau ta Prabu Nirbita sareng kataman ing jemparing kénging jajanira ambruk ing siti, supé purwa duksina, sareng kasilir ing samirana anulya wungu, nyandhak agemira bindi, sekala campuh malih.