136
Wau ta Prabu Winatakwaca ingkang yuda lan Radèn Werkudara, wali-wali bindi tan rinasa, lah ing ngriku Radèn Werkudara tandya ginetak dhawah sajawining pabarisan
GANGSA GESANG,
GATHUTKACA NIMBRUNG, BADHÉ NYEPENG PUNDHAK,
DIPUN GETAK, DHAWAH SAJAWINING PABARISAN,
ANTAREJA, ANTASÉNA SAMI MAJENG MBEĶTA BINDI,
NIRBITA KASINGSAL, DHAWAH GAWANG LÈR, NGADEG.
GANGSA SUWUK.
Wau ta Sang Prabu Winatakwaca sareng kasingsal ing yuda seklangkung kurdhanira.
KAWIN PANGKUR SETUNGGAL PADA.
Kurdha mangun tiwikrama, Nirbita ageng lir sapta ardi, kumutug
salira murub, gumleger swara gora, lir ampuan 'salira agni gumrubug, genjot ingkang bumi kontrak, umangsah anggegirisi.
GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
Wau ta kocapa Sri Padmanaba sareng priksa ingkang rayi satriya Jodhipati tuwin ingkang para putra keplajar yuda lan Prabu Winatakwaca, Sri Narendra Kresna karsa nyaosi priksa Sangywang Bathara Kanékaputra, lah ing ngriku tandya dènpethukaken Sangywang Bathara Nurada, Sangywang Bathara Éndra tanapi Sangdyah Retna Supraba tuwin Sang Resi Parta, tindakira énggal-énggalan.
PLAJARAN, SUWUK,
POCAPAN (370).
Wau ta Sri Harimurti tuwin Sang Resi Parta, sareng sampun tampi dhawuhira Sangywang Bathara Kanékaputra tuwin Sangywang Bathara Endra, lah ing ngriku akarsa nyuwun pamit anulya matur
POCAPAN (371),
PLAJARAN, REP,
POCAPAN (372),
GANGSA GESANG, MABUR, SUWUK.