Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/149

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

135

GESANG, SUWUK,
POCAPAN (366).

 Wau ta Prabu Nirbita sareng priksa aturira pun diktya Wiradha, sakelangkung kurdhanira, akarsa nyalirani ing ngayuda, andhawuhi Kya Patih myang para raja kinèn piyak pabarisanira, kinèn sami suraka, alok ingkang ramé, Sri Naréndra nulya ngandika.

POCAPAN (367),
PLAJARAN, BUDHAL, SUWUK.

 Wau ta Radèn Arya Werkudara sareng priksa yèn Prabu Winatakwaca mangsah ing ngayuda, akarsa dèn pethukaken, Sang Prabu Nirbita inggih boten nguciwani, sareng priksa sénapatining tiyang Pandhawa sekala lir dirada meta galihira.

GENDHING DIRADAMETA, REP.

 Wau ta Prabu Winatakwaca sareng amriksani Radèn Arya Werkudara lir binesmi jajanira, wadana sumringah kadya sinecang, ya mangkana yitnanira Sang Prabu Nirbita, "é haé, iki sapa mapagaké menyang aku, sembada temen rupané, baya iki sénapatiné wong Pandhawa, ketara pangganggoné kaya dudu wong arahan baé, apa iki sing kawarta kadangé Si Mintaraga, yèn mula kadangé Si Mintaraga mula dhasar wis dakanti-anti, ya senajan majua bareng karo si Mintaraga mangsa dakundurana". Wondéné yitnanira Radèn Arya Werkudara, "iki apa ratu ing Ngimataka kang kawarta luwih digdayané, amung dakarani wong anggégé pati, déné ana buta njaluk widadari, yèn isih Si Werkudara kaya-kaya ora bisa kelakon, sabab Dèwi Supraba wis digadhangaké dadi ganjarané adhiku si Jlamprong, ora wurung ana buta ketiban tangan", yekti mangkana yitnanira Raden Arya Werkudara.

GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (368).

Wau ta Radèn Arya Werkudara anulya ngasta agemira gada, cag, sarwi ngandika.

POCAPAN (369),
PLAJARAN, REP.