134
sinundhep ing kuku pancanaka, kuwanda blas anulya sirna.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (363),
PLAJARAN, SUWUK.
Éling Prabu Kalamatengga kapara tiwas, nyata-nyata. Wau ta sareng katalika pun Apatih Singarodra, sareng priksa yèn gustinira kapara tiwas, akarsa majeng sura madilaga, kapethukaken putra ing Dwarawati Radèn Sencaka, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (364),
PLAJARAN, PRANG, SENCAKA MAWI DHUWUNG,
SINGARODRA DIPUN SUDUK PEJAH,
SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (365),
PLAJARAN, SUWUK.
Éling Patih Singarodra pejah, nyata, nyata. Wau ta kocapa diktya Wiradha, Wirabajra, Wilmradarpa, Wirapati, Wilwiradi, diktya panca sami andel santana naréndra saking ibu, sareng sumerep kathah para andel myang para raja sami kapara tiwas, akarsa nyaosi priksa gustinira Sang Prabu Winatakwaca, lah ing ngriku tandya pinethukaken Sang Prabu Yeksa, lampahira énggal-énggalan.
PLAJARAN, REP.
Wau ta sadhatengira pun diktya Wiradha sakancanira sekawan wonten ngarsanira sang sudibya, ya mangkana yitnanira Sang Prabu Yeksa, "iki si paman Wiradha karo kadangé kabèh padha teka ana ngarepku, ana karepé apa, déné padha pisah saka pabarisan lan kancané kang akèh-akèh", wondéné yitnanira pun diktya Wiradha, "iki Kangjeng Déwaji agi anjenengi pabarisan ing wuntat, méndah baya kagèting panggalihé yèn priksa aturku, para raja myang para andel padha kapara tiwas, yèn ora ana kersa-dalem nyalirani dhéwé, dakduga ingkang ngebot-eboti wong Bratapandhawa, cocok temen karo pawartané yèn padha digdaya ing ngayuda, yèn angamungena déwa baé, sepira banggané para déwa, dhasar ora panggah yudané", yekti mangkana yitnanira pun diktya Wiradha.