133
ruci Radèn Arya Sentyaki, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (359),
PLAJARAN PRANG, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (360),
PLAJARAN, SUWUK.
Éling Patih Suryakètu kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta katalika dhateng Mraja Kalamatengga yèn pun Patih Suryakètu tiwas, sekelangkung kurdhanira, akarsa nyalirani ing ngayuda, tedhak saking wahananira dirada, jlog, kapethukaken satriya ing Jodhipati, lah ing ngriku risang kalih tandya liwung galihira.
GENDHING LIWUNG, REP.
Wau ta satriya ing Jodhipati sareng priksa dhumateng Prabu Kalamatengga kadi ingobar jajanira, ya mangkana yitnanira satriya Jodhipati, "sapa buta kang mapagaké marang aku iki, déné angluwihi temen kuwanèné, dakduga panggedhéné buta ing Ngimataka, ketara penganggoné béda karo kang akèh-akèh sarta polah tingkahé digawé-gawé, ambeg agul agora godha, lumaku dikawedènana, iya pengrasaning atiku, aku mangsa wediya ora, ora wurung sirna déning aku", wondéné yitnanira Prabu Kalamatengga, "iki sapa prajurit maju sura madilaga, déné sumengguh kuméring-kéring, apa iki piyandelé Bathara Éndra, iki menèh dakwedènana, senajan wuwuha sepuluh mono, mangsa dak- undurana ora", yekti mangkana yitnanira Prabu Kalamatengga.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (361).
Wau ta Sang Prabu Kalamatengga lan satriya Jodhipati anulya samya ngasta agemira gada lan bindi, cag, sarwi ngandika.
POCAPAN (362),
PLAJARAN, AMBRUK SARENG, REP.
Wau ta wong agung kalih ingkang yuda gada sakelangkung dènira ramé, sami rumangkang ateken gada bindi, tinon lir sata atanglet, agenti ingkang kapilis, tan ana ingkang kuciwa, lah ing ngriku risang kalih tandya mbucal gadanira, Prabu Kalamatengga akarsa nyaut, anulya