Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/146

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

132

 Wau ta Mraja Héndrapati ingkang majeng ing sura madilaga, ya mangkana yitnanira Mraja Sonyapringga, "sapa kang mapakaké marang aku iki, déné sigit temen rupané, ora mantra wong maju perang, semuné gumagus, besusé dipasang-pasang, ora singgun memungsuhan, ngandelaké kasektèné, déné memanas ati wong kuwé, apa iki kang aran Si Mintaraga, nanging dakkira dudu, yèn oraa anaké iya sobaté kang luwih supeket, kaya dudu suwadiné satriya iki, ya ta pengrasaning atiku, yèn aku mungsuh karo wong kaya mengkono baé, ora susah dakwesèni", wondéné yitnanira Radèn Angkawijaya, "sapa kang mapagaké marang aku iki, apa andelé Si Winatakwaca, déné meksih nom temen, olèhé deleng menyang aku kumedhèp tesmak panduluné, déné amurang krama temen, kumedhèp kuméring-kéring, kaya anyuduk-nyuduka jeprot, apa aku dikira lumayu, déné angisin-isini temen aku mundura karo wong kaya mengkono baé", yekti mangkana yitnanira Radèn Angkawijaya.

GESANG, SUWUK, ADA-ADA.
POCAPAN (354),
PLAJARAN PRANG PRAGOLANING PUPU, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (355),
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (356).

 Wau ta wong agung Sonyapringga nulya ngasta agemira jemparing, cag, angiwakaken gandhéwa, anengenaken jemparing, jumangkah suku kang kiwa, mancat/siti suku kang tengen, gumerèt kang langkap denta.

PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (357).

 Lah ing ngriku Radèn Angkawijaya nulya ngasta agemira jemparing, cag, angiwakaken gandhéwa, anengenaken jemparing.

KAWIN, PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (358),
PLAJARAN, SUWUK,

 Éling Mraja Héndrapati kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta pun Apatih Suryakètu sareng sumerep yèn gustinira Prabu Héndrapati kapara tiwas nulya majeng sura madilaga, kapethukaken satriya ing Garba-