Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

131

ADA-ADA.

 Wau ta Resi Mayangkara sekala waringut madek tiwikramanira, apa antarané nepsuné kethèk, buntut njlenthar, wulu mengkorok untu maringis, siyung dènisis, alis mancilak sarwi cekrèh-cekrèh, ameré-meré ibekan nulya wangsul rananggana malih.

PLAJARAN PRANG, REP.

 Wau ta Resi Ramadayapati ingkang yuda kalawan Prabu Hardayeksa sakelangkung déning ramé, tan wonten ingkang kuciwa, lah ing ngriku Resi Prabacana ambek sarosa, mejang asta yeksa kongkal saking ngangga, nracak pundhak sang diyu raja, tandya dènbithi, murda crah kapisanan, kuwandha blas anulya sirna.

GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (351),
PLAJARAN, SUWUK.

 Éling Raja Jonggirupeksa kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta pun Apatih Bajrapaka sareng sumerep Sang Prabu Hardayeksa kapara tiwas, sakelangkung bremantyanira, nulya majeng ing rananggana, kapethuk- aken Sangywang Komajaya, lah ing ngriku nyat anulya majeng.

PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (352),
PLAJARAN PRANG, KOMAJAYA MAWI DHUWUNG,
DENAWA DIPUN PEJAHI,
SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (353),
PLAJARAN, SUWUK.

 Éling diktya Bajrapaka pejah, nyata-nyata. Wau ta sareng katalika dhateng wong agung Sonyapringga yèn pun Apatih Bajrapaka kapara tiwas sakelangkung dukanira, akarsa nyalirani ing ngayuda, anulya dènpethukaken Radèn Angkawijaya sarwi dhinèrèkaken parepatira tetiga Ki Lurah Kertiraga, Kertisentlop, Kerticemuris, lah ing ngriku tandya sinèrèt-sèrèt koncanira.

GENDHING GONDHANGSÈRÈT, REP.