Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/144

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

130

 Wau ta Sangywang Citragana, ingkang ayuda lan pun Wisawastra sakelangkung déning ramé, tan wonten ingkang kuciwa, lah ing ngriku pun Wisawastra sareng kasingsé panyungitira tandya binindi sirahira, sekala remuk kapisanan.

GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (348),
PLAJARAN, SUWUK.

 Éling pun Wisawastra pejah, nyata-nyata. Wau ta kocapa wong agung ing Jonggirupaksa Prabu Hardayeksa, sareng priksa pun Wisawastra pejah, sakelangkung dukanira, akarsa majeng ing sura madilaga, kocapa Sang Begawan Mayangkara ingkang wonten jumantara, sareng priksa Prabu Hardayeksa majeng sura madilaga, akarsa dèn pethukaken, nuli niyup saking jumantara, sakelangkung bremantyanira, lah ing ngriku lir singa nebak solahira.

GENDHING SINGANEBAK, REP.

 Wau ta, wong agung Jonggirupaksa, sareng aningali Resi Mayangkara, lir ingobar jajanira, ya mangkana yitnanira Prabu Hardayeksa, "é haé, déné ana kethèk putih mapakaké menyang aku, déné sembada temen karo wujudé, baya iki srayané | Si Mintaraga utawa bebeciké, katara polah tingkahé kaya dudu kethèk ala, pesthi yèn dadi andelandelé Si Mintaraga, iya senajan barenga maju karo Si Mintaraga, aku mangsa ulapa", wondéné yitnanira Resi Mayangkara, "sapa prajurit kang maju'sura madilaga iki, apa iki ratu Ngimataka kang aran si Winatakwaca, ananging yèn dakkira karo pawartané sinembah ing para raja sèwu negara, kaya durung patut, wetaraku agul-agulé Si Winatakwaca, ketara panganggoné béda lan kang akèh-akèh", yekti mangkana yitnanira Resi Mayangkara.

GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (349),
PLAJARAN PRANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN SUMBAR (350),

 Wau ta Resi Mayangkara sareng dènbabitaken dhawah ing siti kantep sanalika, sakelangkung kurdhanira.