Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/143

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

129

PLAJARAN PRANG, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (342).

 Éling Sangywang Déwantaka kaplajar, nyata-nyata. Wau ta sareng katalika dhateng andeling Jodhipati Radèn Gagakbongkol yèn Sangywang Déwantaka kaplajar, arsa majeng sura madilaga sarwi nyangking bindi, lah ing ngriku nyat anulya majeng.

PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (343),
PLAJARAN PRANG, REP.

 Wau ta Radèn Gagakbongkol ingkang yuda lan pun Wisamatengga sakelangkung déning ramé, datan wonten kang kuciwa, lah ing ngriku pun Wisamatengga sareng katlompé panubrukira, tandya binindi sirahira, sekala akapisanan.

GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (344),
PLAJARAN, SUWUK.

 Éling pun Wisamatengga pejah, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika pun Tumenggung Mamangdana yèn pun Wisamatengga kapara tiwas, anulya majeng sura madilaga, kapethukaken putra ing Jodhipati Radèn Antaséna, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.

PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (345),
PLAJARAN PRANG, AMONGGARBA NIMBRUNG PEJAH,
SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (346),
PLAJARAN, SUWUK.

 Éling pun Tumenggung Mamangdana lan pun Amonggarba kapara tiwas, nyata-nyata. Wau ta sareng katalika dhateng pun Wastrawisa, kapethukaken Sangywang Citragana sarwi ngasta agemira bindi, lah ing. ngriku nyat anulya majeng sareng.

PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (347),
PLAJARAN, REP.