Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/142

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

128

tuwin para yang-yang sadaya, sekala anulya bodhol énggal-énggalan.

PLAJARAN, SUWUK.

 Wau ta wadyabala ing Pandhawa myang jawata tandya nimbangi tata gelar, pra jawata gelar sukri myang wulan tumanggal, wadya Pandhawa gelar singating andaka dibya, datan dangu pangajenging wadyabala Ngimataka nulya campuh ing ngayuda, lan pangajenging jawata tanapi para yang-yang Ngéndrabuwana tuwin Pandhawa, mungsuh rowang sami sudira, bereg-binereg tan ana ingkang kuciwa, wadya Ngimataka gumulung angamuk sura, kang raseksa anggegilani tandangira, wadyabala jawata Pandhawa èsmu mandhelong barisira, gya jinejel para prawira Pandhawa, gentya kalindhih wadyabala Ngimataka, saya ramé malih kang yuda, para prawira Pandhawa kathah kinaro kinatelon kinapat kinalima, anamung samya panggah, sebrak rekatak, sebrut brubut tan ngéman pejah. Kocapa wadya bujungan wana ing Nungsagrembula tandya nglambung saking kéring, wau ta, wadya jawata langkung kagèt tinlakuthak wadya bujungan wana, gègèr mawut-mawut awurahan akathah kamigilanen, lah ing ngriku para prawiraning jawata myang Pandhawa, ngatak wadya pinilih sekawan kinèn mangsah ing ngayuda, Ywang Diwangsana, Ywang Sumbawa, Ywang Wiratma, Ywang Tantra, kapethukaken pun Wisawagra kaliyan pun Wisawiyung, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.

PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (339),
PLAJARAN PRANG, PUNGGAWA SEKAWAN KAWON,
LAJENGAN YWANG SUMARMA NIMBRUNG MBEKTA
WAOS WAGRA KALIH KAWON, WISASARDULA MAJENG
NIMBRUNG YWANG SUMARMA KAWON, DÉWANTAKA
MAJENG NIMBRUNG MAWI BINDI, WISASARDULA
KAWON,
SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (340).

 Éling Wisasardhula kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika dhateng pun Wisamatengga yèn pun Wisasardhula kapara tiwas, lah ing ngriku nyat anulya majeng.

PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (341),