127
Sambu tuwin Sangywang Bathara Bayu, inggih boten sanès kadi yitnanira Sangywang Bathara Éndra, wondéné yitnanira Prabu Bathara Kresna, "iki Sangywang pukulun Bathara Éndra dakduga banget pangajeng-ajengé karo lakuné yayimas Parta Resi", wondéné yitnanira wong agung Ngamarta tuwin satriya ing Jodhipati inggih boten sanès kadi pangétangira ingkang raka Sinuwun ing Dwarawati.
GESANG, SUWUK, KAWIN JIWARETNA,
POCAPAN (335).
Sébetbyar wau ta, dèrèng dumugi anggènira imbal pangandika, Sangywang Bathara Surapati lan ingkang para kadang atanapi Sri Naréndra Harimurti, kasaru praptanira Sangdyah Retna Supraba kalawan Sang Resi Mintaraga, déné parepatira sekawan sami kèndel wonten ing jawi, lah ing ngriku dumrojog tanpa larapan.
PLAJARAN, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (336).
Wau ta Sangywang Bathara Surapati, sareng mireng aturira Sangdyah Retna Supraba tuwin Resi Mintaraga sakelangkung trusthanira ing galih, Sri Bathara Éndra laju arsa mbudhalaken wadya, sabab Sri Prabu Yeksa kelangkung kurdhanira, sarta wus bebudhalan saking ing Ngimataka sumedya ngrebasèng ing Ngéndrabuwana, Sri Bathara Endra nulya ngandika.
POCAPAN (337).
Wau ta dèrèng dumugi nggènira imbal pangandika Sangywang Bathara, kasaru dhatengira wadya kajineman pun yang-yang Wignyawaspada, nyaosi priksa yèn Prabu Winatakwaca sampun ndhatengi sawadya kuswalanira, lajeng sami andhèdhèr tata gelar dirada meta, mangkara byuha, emprit neba, garudha nglayang, déné ingkang dadya cucuking lampah wadya arahan angobong-obongi, wadya bujungan wana adamel risak, karya gègèring padhusunan, angamuk anggegilani, lah ing ngriku dumrojog tanpa larapan.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (338).
Wau ta, Sangywang Bathara Éndra sawusnya dhedhawuh dhumateng Sang Prabu Harimurti, myang ngaturi kadang warga para jawata