Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/140

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

126

nira Prabu Wisamuka, sawadya bujungan wana ing Nungsagrembula sadaya. Wau ta, kocapa Sangywang Bathara Éndra, tenapi para pengagenging jawata myang para yang-yang, Prabu Danardana sakadang Bratapandhawa pepak wus sowan sadaya, wanci punapa semangké, wanci gagap dalu ing karahinan.

GENDHING RINA-RINA, REP.

 Anenggih punika ing pasanggrahan Nguntararukma, Sangywang Bathara Éndra ingkang sawek lenggah wonten tarup agung, amanggihi para kadang jawata tuwin wong agung Dwarawati sakadang putra Bratapendhawa, wondéné ingkang lenggah kidul punika Sangywang Bathara Éndra, angiwakaken Sangywang Bathara Brama, anengenaken Sangywang Bathara Sambu, mengkeraken Sangywang Bathara Bayu, sinambetan para pangajengé jawata, Sangywang Mahadéwa, Sangywang Komajaya, Sangywang Bathara Surya, Sangywang Raswarodra, Sangywang Asmara, tengah wingking Sangywang Yamadipati, ngiwakaken Bathara Panyarikan, Sangywang Srengganidéwa, Sangywang Déwantaka, Sangywang Citragana, Sangywang Déwasukata, Sangywang Déwa Subrangta, Sangywang Déwamadhendha, pepak sadaya para jawata lan para yang-yang, ingkang lenggah ngajeng lèr punika Prabu Danardana, nengenaken Prabu Darmakusuma, kiwanira Prabu Danardana Radèn Arya Werkudara, ingkang lenggah ngandhap jèjèr kalih punika Radèn Nakula Radèn Sadéwa, kilènira Radèn Nakula putra ing Madukara Radèn Angkawijaya, wétanira Radèn Sadéwa putra ing Jodhipati Radèn Antareja, wingkingira Radèn Antareja ingkang rayi Radèn Gathutkaca, kilènira Radèn Gathutkaca Radèn Wilugangga, Radèn Bambang Irawan, wingkingira Radèn Bambang Irawan putra ing Dwarawati Radèn Sencaka, wétanira Radèn Sencaka, Radèn Bambang Sumitra, wétanira Radèn Bambang Sumitra Radèn Antaséna, wondéné wingkingira Radèn Sencaka punika, satriya ing Garbaruci Radèn Riya Sentyaki, wétanira Radèn Riya Sentyaki patih ing Dwarawati Rekyana Patih Udawa, wétanira Rekyana Patih Udawa punika pepatih ing Ngamarta wasta Kya Patih Udakawana, wingkingira Kya Patih Udawa andel ing Jodhipati Radèn Gagakbongkol, pepak sadaya para wadya Dwarawati Ngamarta, ya mangkana yitnanira Sangywang Bathara Surapati, "paran baya laksitanya yoga kekasih Parta Resi apa déné Si Supraba, déné wus antara lama durung ana prapta, apa baya Si Winatakwaca akèh pepékanya, apa ta oraa", yekti mangkana yitnanira Sangywang Bathara Surapati, wondéné yitnanira Sangywang Bathara Brama, Sangywang Bathara