125
maos kénging paékanira Bathara Éndra, gya utusan nimbali Rekyana Patih sakancanira para andel myang para raja, Sri Narendra nulya ngandika.
POCAPAN (332),
GESANG, REP.
Sébetbyar wau ta, Rekyana Patih Bomakéndra lan para raja tuwin ingkang para wadya andel pinepak sedaya, sami ngandikan ing ngarsa, amung rajaning teksaka taksih kantun wonten ing pagelaran, lah ing ngriku Rekyana Patih myang para raja sawadya kuswala, lampahira énggal-énggalan.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (333).
Wau ta, wadyabala ing Ngimataka sareng sampun sumekta sasikeping ngayuda, lah ing ngriku anulya bodhol énggal-énggalan.
PLAJARAN LAJENGAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (334),
PLAJARAN LAJENGAN, REP.
Wau ta Sang Begawan Suciptahening, ingkang pepanggihan kalawan Sang Retna Supraba, sareng sampun jarwa-jinarwa saniskaraning lampah, akarsa matur dhumateng Sangywang Bathara Éndra, wonten pasanggrahan Nguntararukma, risang kalih seksana mesat ing jumantara, blas anulya sirna.
GESANG, SUWUK.
Wau ta laris tindakira Sang Resi Mintaraga tuwin Sang Retna Supraba ingkang karsa dhateng pasanggrahan ing Nguntararukma, kocapa lampahé wadyabala Ngimataka, untabing bala lir samodra bena, lumémbak angambak-ambak, swaranira kumricik gumerah gumuruh sangking gunging wadyabala, tuwin babektaning ngayuda, datan kénging ingupama, kocap lampahing dedamel ing Ngimataka, sampun dumugi tepis wiring ing Ngéndrabuwana lan Ngimataka, lajeng sami tata gelar, para raja apanthan-panthan sajuru-juru tataning gelar, agelar emprit neba, garudha nglayang, mangkara byuha, Sang Misésa agelar dirada meta, sampun datan nguciwani, ingkang dadya cucuking lampah wadya-