124
Wau ta jugrug ingkang gapura rukma, swaranira lir gunturing kang arga dhungkar, jumegur amawa bajra, Sri Narendra saklangkung kagyat kampitèng ing nala, kang gapura njugrugi punggawa satus kang jaga, dadya gègèr awurahan, jalma jalu èstri ing pura apuyengan, lah ing ngriku lurahing para gusti, tandya atur uninga marang Risang Prabu Yeksa, yèn gapura kancana rukma risak déning kirdhaning kang duratmaka anenggih Sang Resi Parta. Wau ta lampahira nyai Lurah Yeksagotra, Nyai Lurah Yeksapatra kapiyandhem atawang-tawang tangis.
GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (328).
Wau ta Prabu Nirbita sareng mireng aturira Nyai Lurah sekaliyan, sakelangkung kurdhanira, képyan kabuyaning asmara, supé marang Sang Retna Dewi Supraba, mung kétang kang duratmaka, Sang Parta kang ngrisak gapura rukma kancana, guguping driya akarsa pamit marang Sang Retna Supraba, badhé nyepeng pandung ngaguna, Sri Naréndra nulya ngandika.
POCAPAN (329).
PLAJARAN, REP.
Wau ta Sangdyah Retna Dèwi Supraba sapengkerira Sang Prabu Yeksa anggegana, sabab sampun kangsèn kaliyan Sang Resi Parta, lah ing ngriku Sang Retna Supraba akarsa mesat ing jumantara, sekala blas anulya sirna.
GESANG, PRANG NIRBITA LAN RESI PARTA,
GANGSA REP,
SUMBAR (330).
Wau ta saoncatira Begawan Mintaraga, kasaru praptanira Nyai Lurah Yeksagotra, tuwin Nyai Lurah Yeksapatra, nyaosi priksa yèn Dèwi Supraba mesat ing jumantara, plajarira asarwi tawang-tawang tangis.
GESANG, REP, KEPARAK DHATENG,
POCAPAN (331).
Wau ta Sang Prabu Winatakwaca sareng dipuncaosi priksa lelurahing para gusti, yèn Dyah Retna Supraba sampun késah mesat ing jumantara, Sri Naréndra sangsaya mawantu-wantu kurdhanira, ru-