123
ingkang minulya, yèn dèrèng sinungan jarwa niskaraning pejah gesangira Sang Prabu Winatakwaca, marma prayitna lan Sang Pandhita ing sajroning pasaréyan, lah ing ngriku Sang Nata nandukaken karsanira, sang kusuma ngoncati sanalika dadya tuna pematangé sang yeksa raja, kocap angenèni ingkang kasur sari terus ingkang bumi sap pitu. Wau ta sakelangkung cuwaning wardaya, tandya lumèngsèr saking pasaréyan, medal saking wiwaraning langsé pajungutan, Sangdyah Retna abebujeng sesampurira, tindakira énggal-énggalan.
PLAJARAN, SUWUK, TLUTUR,
POCAPAN (325),
LAGON BARÈS JUGAG, WINATAKWACA MINGER,
POCAPAN (326).
Wau ta Sangdyah Dèwi Supraba, akathah-kathah atur pangimurira dhateng sang yeksa dipa, sarwi anandukaken panglunturing sebda wignya anjatèni pejah gesangira Sang Nata, sekala Prabu Nirbita kényut larut tindakira, asih pulih kadi kang wau-wau, dadya lipur galihira, seksana gya anjarwani kang pejah gesang dhumateng sang kusuma Retna Supraba, Sri Naréndra nulya ngandika.
POCAPAN (327).
Sébetbyar wau ta, Prabu Winatakwaca sareng sampun anjarwani sejatining kang pejah gesang dhumateng Sangdyah Retna Supraba, tuwin katarimanira nalika angsalira aji ingkang boten kénging pejah, atanapi aji pangluntur ing ngasmara tantra, sampun wutah jinarwakaken sadaya, wau ta, Prabu Winatakwaca sampun karsaning jawata ingkang misésa, angenggyani watak wantuning raseksa kasar, salembat-lembating raseksa, meksih lembat titahing manungsa pada, marma tuna liwat kénging memanising wanodya, wekasan andadosaken rubéda. Lah ing ngriku ingkang nglimunan anenggih Sang Resi Mintaraga, sareng wus terang pamyarsanira déning pejah gesangira Sang Yeksa Prabu, kang jinarwakaken déning Sangdyah Retna Supraba, Sang Resi Parta madeg tyas sru katga angrucat panglémunanira, katon mawantah Sang Resi Parta, tandya minggah gapura kancana rukma pinatik ing sesotya, kyat ambek sarosa, gapura dinedel asru, sekala jugrug kapisanan, temah ajur kaparah dadya sawalang-walang.
PLAJARAN, REP.