121
aken wong agung ing Jonggarba Prabu Hardawasésa, Prabu Hardawasésa nengenaken wong agung ing Sonyapringga Prabu Héndrapati, sinambetan para andeling raksasa tuwin manungsa, aglar munggèng ing paséwakan, ya mangkana yitnanira Prabu Winatakwaca, "é haé, ora kaduga rasaning atiku karsané Sangywang Bathara Nurada, déné wis antara lawas yayi Dèwi Supraba teka durung diparingaké, apa iya jawata cidra ubayané", wondéné yitnanira Kya Patih Bomakéndra, "iki Kangjeng Déwaji miyos siniwaka, daksawang rada anglong jiwa semuné, dakduga banget pangajeng-ajengé menyang Dèwi Supraba, sabab wis antara suwé jawata durung amaringaké", yekti mangkana yitnanira Kya Patih Bomakéndra, wondéné yitnanira wong agung Nungsabarong, wong agung Jonggirupaksa, wong agung Jonggarba tuwin wong agung ing Sonyapringga, inggih boten sanès kadya pangétangira Kyana Patih Bomakéndra.
GESANG, SUWUK, KAWIN SIKARINI,
POCAPAN (318).
Sébetbyar wau ta, dèrèng dumugi nggènira imbal wecana wong agung Ngimataka lan Kya Patih Bomakéndra lan wong agung sekawan, kasaru praptanira Sangdyah Ratu Prabasini saking salebeting kadhaton, nyaosi priksa yèn Sangdyah Dèwi Supraba dhateng saking suwarga, anjujuk wonten ing taman Ngudyanasekar, lah ing ngriku wedalira énggal-énggalan.
PLAJARAN, REP.
Wau ta sarawuhira Sangdyah Ratu Prabasini wonten ngarsanira Sang Misésa, saklangkung samya cingak wadya sapaséwakan, sarta ngungun-ngungun sajroning wardaya, ya mangkana yitnanira Sang Prabu Winatakwaca, "é haé, iki Prabasini teka, daksawang semuné ngati-ati lakuné, ana apa ing taman Ngudyanasekar", wondéné yitnanira Sangdyah Ratu Prabasini, "iki kakang Prabu pinuju lenggah lan para raja sawadya ing Ngimataka pinepak kabèh, saiba kagèté panggalihé, anamung yèn wisa priksa aturku, yèn yayi Supraba teka, pasrah jiwa raga sumedya angéstu pada, angranu pada, anyecèthi, amawongan marang kaka Prabu, layak ya kacaryan banget panggalihé kakang Prabu", yekti mangkana yitnanira Sangdyah Ratu Prabasini.
GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (319).