120
langensekar, sabab sang nata sawek anggalih gandrung wulangun kaliyan Dewi Retna Supraba, kang kaèsthi siang dalu namung Sangdyah Retna Supraba, ya mangkana pangudasmaranira Sangdyah Ratu Prabasini "kaya kapriyé karsané kakang Prabu iki, déné wis antara lawas ora tau tindak marang kaputrèn Ngudyanalangensekar, puluh-puluh wis begjané awakku, kaya ngéné rasané wong dadi ganjaran, amung panas perih ingkang katemu", wondéné pangunandikanira Dèwi Pramanasini, "kaya kapriyé kakangbok iki, apa ora banjur nggalih kundur bali marang swarga baé, dadi karuwan awakku iki, aku selak risi laki buta jiyatan kaya mengkéné temahé", wondéné yitnanira Dèwi Warsasini, inggih boten sanès kadi pangunandikanira Sangdyah Pramanasini.
GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (314).
Wau ta dèrèng dangu anggènira imbal pangandika Sangdyah Ratu Prabasini, lah ing ngriku Sangdyah Pramanasini ngulap-ulap ing papungkuran, priksa yèn wonten wanodya lumampah, dipundugi yèn lampahipun mariki, wus tan samar dhumateng ingkang bok Sangdyah Retna Supraba, lah ing ngriku Dèwi Pramanasini anulya matur.
POCAPAN (315),
GANGSA AYAK-AYAKAN, REP,
POCAPAN (316),
GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (317),
PLAJARAN, SUWUK, LAGON.
Wau ta lampahira Sangdyah Ratu Prabasini ingkang karsa nyaosi priksa ingkang raka Prabu Winatakwaca, yèn Sangdyah Retna Dèwi Supraba prapta anèng taman Ngudyanasekar, samarga-marga galihira.lir mas tumimbuling toya.
GENDHING KUMAMBANG, REP
Anenggih punika Prabu Winatakwaca ingkang sawek lenggah siniwaka ing pagelaran, wondéné ingkang sowan kapéring lèr kilèn punika mraja warni teksaka wasta Mraja Wisamuka, ingkang sowan lèr tengah punika pepatih ing Ngimataka, Kya Patih Bomakéndra anengenaken wong agung Nungsabarong Prabu Kalamatengga, angiwakaken wong agung Jonggirupeksa Prabu Hardayeksa, Prabu Hardayeksa mengker-