119
POCAPAN (310).
Wau ta Sang Begawan Mintaraga sawusira telas pawelingira dhateng Sangdyah Retna Supraba, sekala Sangdyah Retna Supraba arsa kinèn lumampah angrumiyini, laju lumebeta ing kadhaton, njujug ing taman Ngudyanasekar, Sang Pandhita anulya matur.
POCAPAN (311),
PLAJARAN, SUWUK.
POCAPAN (312).
Wau ta Risang Begawan Suciptahening ingkang karsa matek kasudibyanira aji panglèmunan, ingaran aji dresadana, peparingira Sangywang Bathara Éndra, lah ing ngriku anulya sidhakep suku tunggal, nutupi babahan nawa sanga, amatèni kang pancadriya, panca lima driya angen-angen, endi ta dunungé, kang tutuk tan angandika, kang grana tan angganda, karna datan miyarsa kang nétra tan aningali, mung tis anggraning sika, tis paningal grana irung sika kulit, mung kulit sapucuking grana kang tansah pinancering tingal, katon déwané mangkruk-mangkruk anèng sapucuking grana, apan déné dadya nglangut panembramanira Sang Pandhita. Wau ta Risang Begawan Mintaraga, kocap wus katrima marang déwané, apa kang sinedyakaké, lah ing ngriku Risang Begawan Suciptahening nulya ngandika.
POCAPAN (313),
PLAJARAN, SUWUK.
Wau ta tindakira Sangdyah Retna Supraba, kalawan Sang Parta Resi atanapi parepatira sekawan, karsanira anjujuk taman Ngudyanasekar. Sinigeg genti kocapa ingkang wonten dalem kubon sekar, Sangdyah Dèwi Prabasini datansah anganthi marunira kekalih.
GENDHING KINANTHI PAMULARSIH, REP.
Anenggih punika Sangdyah Ratu Prabasini, tuwin Sangdyah Pramana sini myang Sangdyah Warsasini, garwanira Sang Prabu Nirbita ing Ngimataka, sawek pinuju lenggah wonten taman Ngudyanasekar kalawan ingkang para maru, ingadhep parekan myang para cèthi, andhèr munggèng ngarsa, wondéné Sangdyah tetiga wau sawek sami nandhang sungkawa, awit salaminira Sang Yeksa Raja kagungan karsa nglamar Dèwi Supraba, sampun lami boten dipunrawuhi wonten ing Ngudyana-