Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

118

 Wau ta laris lampahira dedamel ing Ngéndrabuwana tuwin Dwarawati Pandhawa, sareng sampun dumugi tepis wiring ing nagari Ngimataka, lajeng sami tata-tata masanggrahan, lah ing ngriku wadya ing Ngéndrabuwana tanapi wadya ing Dwarawati Pendhawa, ingkang sami nyambut damel yasa pasanggrahan, solahing wadya uleng-ulengan.

PLAJARAN, DHAWAH AYAK-AYAKAN, REP.

 Wau ta lampahira Sangdyah Retna Supraba tuwin Sang Begawan Suciptahening, gorohé wong amayang gelisé wong amunggel kawi, perak ginawé adoh, adoh ginawé perak, kocapa sampun tebih lampahira sang kekalih angancik tepis wiring nagari Ngimataka, kocap wonten satengahing wana sanginggiling ngardi, tinon wiyar sumilak apadhang, akathah wawemining wana, bujungan wana myang kutu-kutu walangata-ga, lah ing ngriku wonten peksi merak sajodho wonten sangandhaping kajeng ageng ngrembuyung, kang èstri andhidhis kang priya, kang priya arem-arem sata, tinon seklangkung kanikmatanira, Sang Resi Parta duk mulat sakelangkung sumedhoting galihira, kèngetan kawiryanira sihing garwa duk anèng praja, wondéné Sangdyah Retna Supraba duk mulat kang peksi merak, tambuh-tambuh mring sang pandhita, wonten malih dipangga geng katingal lagya adus anjerum anèng talaga, awaké kekemul treté kumudasari, telalénira anggembur tirta, wau ta Sangdyah Retna Supraba lawan sang pandhita aresep mulat mring gajah kang sawek adus, Sang Retna adangu nggènira kèndel, gali hé pakèwet anggènira lumampah, sang kusuma badhé nyuwun tumindak dhawah ing wingking, ya mangkana pangudasmaranira Sangdyah Retna Supraba, "éwuh temen kang dadi rasaning tyasulun, déné ulatnya Sang Pandhita iki datan pesaja enggonnya mulat mring ulun, araning pinaringan kanthi iku, pesthinya laksita ing ngarsa laju tansah mulat mring lumaksanaulun, pratistha yèn ulun kang anèng wuri, pangrasaning tyas ulun dadya kaléréyan pamawasan", lah ing ngriku Sang Retna Supraba anulya matur.

POCAPAN (309),
GANGSA GESANG,
RINGGIT MANGALÈR WANGSUL DUMUGI GAWANG
LÈR KENDEL, GANGSA SUWUK.

 Wau ta tindakira Sang Retna Supraba tuwin Sang Begawan Mintaraga, sareng sampun celak nagari Ngimataka akarsa ubanggi nggènira lampah sandi, lah ing ngriku Sang Begawan Mintaraga anulya matur.