117
Ngamarta sakadang wadya Bratapendhawa sadaya, tindakira énggal-énggalan.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (306),
KAWIN, GANDHANG-GANDHANG,
POCAPAN (307),
ADA-ADA.
Sébetbyar wau ta, ingkang wonten ing jawi Sangywang Tandha-tengara anabuh tengara bendhé, dhasar bendé ageng winantu barat angungkung karengeng tawang, lah ing ngriku lampahing dedamel Ngéndrabuwana tuwin Dwarawati Pandhawa, untabing jawata lan titah, cancut cèngkèt solahira.
GENDHING CÈNGKÈT, REP.
Lah ing ngriku bodhol sedaya dedamel ing Ngéndrabuwana tuwin wadya Dwarawati Pandhawa, sumreging baris muntap lir jeladri bena, anggameng gumulung agegolongan swaranira gurnerah kadi alun nempuh parang, tengran kandha daludag, kosir lelayu lir pecahing alun nempuh parang, sumirat binarung wangkawa téja, asri winulat kedhaping astra myang busana rukma sesotya, pating galebyar pindha sunaring tirta molah kasrang ing surya hujwala sri sinawung lidhah cancala, ing gegana ngemu riris, surem baskara salila, asri panganggéné wadya, tinon lir panjrahing sari ngujwana, tan awor tatanira, majuru-juru rampak sakupu-kupu pipit, arèntèp atali-tali, panthan-panthan aduduluran, sasra wigra ajalang-jalangan, dhasar sami wadya pipilihan, nom-anom atuwuk dana lawan ingugung pinuja kasudiranira, sasolah angajap yuda, samarga-marga agora godha, wondéné ingkang dados manggalaning lampah inggih Sangywang Déwantaka, sinambetan para andeling jawata, wondéné Sangywang Bathara Endra munggeng samadyaning pabarisan, sumundhuling wuri Prabu Bathara Kresna, Prabu Yudhisthira tuwin kadang wadya Bratapandhawa Dwarawati sadaya, panganggénya awarna-warna, lah ing ngriku lampahing dedamel arsa ginelak, Sangywang Bathara Éndra nulya ngandika.
POCAPAN (308),
GESANG. SUWUK.