Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/130

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

116

ulun, déné uwa Bathara Kanékaputra wus rawuh ana ing Ngéndrabuwana dhinèrèkaké Supraba utawa kaki Parta Resi", yekti mangkana yitna nira Sangywang Bathara Éndra.

GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (299).

 Wau ta Sri Bathara Éndra, sawusira adhedhawuh kathah-kathah wawelingira dhumateng Sangdyah Retna Dewi Supraba utawi dhateng Sang Parta Resi, Sang Begawan Suciptahening arsa sinungan ganjaran aji dresadana, kuwasanya wignya nglémunan, sarta Sang Resi Mintaraga wus inganggep déning Sri Bathara Éndra, angiringaken Sangdyah Retna Supraba, sabab wus katrima déning Sangywang Hotipati, luput ingkang pancadriya, Sang Pandhita tandya kinen majeng, Sangywang Bathara nulya ngandika.

POCAPAN (300),
LAGON,
POCAPAN (301).

 Wau ta Sangdyah Retna Dewi Supraba, sareng dhinawuhan badhé dipunutus dados sandi upaya dhumateng Prabu Winatakwaca, sarta dipunparingi kanthi Sang Resi Suciptahening, Sang Retna seklangkung trenyuh ing wardaya, giyuh mérang mulat titah ing ngabathara, wekasan anarima sapangrehing jawata kang misésa, lah ing ngriku risang kalih akarsa pamit anulya matur.

POCAPAN (302),
PLAJARAN, REP,
POCAPANIPUN NURADA (303),
GESANG, REP,
ENDRA POCAPAN (304),
GANGSA GESANG, DHAWAH AYAK-AYAKAN, REP,
POCAPAN (305),
GESANG, SUWUK.

 Wau ta, Sangywang Éndra sawusira sami sumekta karsa miyos ing jawi, dènpethukaken Sangywang Bathara Brama, Sangywang Bathara Sambu, Sangywang Bathara Bayu tuwin para jawata tanapi para yang-yang, punapa déné wong agung ing Dwarawati sarta wong agung ing