Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

115

GENDHING KENASIH, REP.

Anenggih punika ing kayangan Ngéndrabuwana, sinten ta ingkang pilenggah wonten ing kayangan Ngéndrabuwana punika, inggih Sangywang Bathara Endra ingkang saweg lenggah amanggihi sowanira nata ing Dwarawati, tanapi wong agung Ngamarta sakadang Pandhawa Dwarawati sadaya, ya mangkana yitnanira Sangywang Bathara Éndra, "iki yoga ulun kaki Prabu Kresna utawa kaki Prabu Darmakusuma, apa déné sakadangnya kapya samya tekap ana ngarsa ulun, ulun kira sami ngulati kaki Parta, lagi ngendikan marang Junggringsalaka", yekti mangkana yitnanira Sangywang Surapati, wondéné yitnanira Smt Harimurti, "é la kabeneran lakuku iki, Sangywang Bathara Éndra lagya miyos siniwaka, dakduga manggalih mungsuh kang saka nagara Ngimataka, apa déné kaipé Madukara durung ana katon sowan, apa baya isih ana ngarsané Sangywang Jagadnata", yekti mangkana yitnanira wong agung. Dwarawati, wondéné yitnanira wong agung ing Ngamarta utawi satriya ing Jodhipati, inggih boten sanès kadi pangétangira wong agung Dwara-wati.

GESANG, SUWUK, KAWIN SUMEKAR,

POCAPAN (298).

Wau ta dèrèng dumugi nggènira imbal pangandika Sangywang Bathara Surapati kaliyan nata ing Dwarawati tuwin wong agung Ngamarta, kasaru praptanira Sangywang Kanékaputra, ingkang dhinèrèkaken Sangdyah Retna Supraba, Sang Begawan Suciptahening tuwin Sangywang Bathara Brama, Sangywang Bathara Sambu, Sangywang Bathara Bayu, wondéné sagung ingkang para jawata sanèsipun, sami kantun wonten jawi nindhihi pabarisanira piyambak-piyambak, lah ing ngriku Sangywang Bathara Kanékaputra anulya tindak.

GANGSA AYAK-AYAKAN, REP.

Wau ta sapraptanira Sangywang Kanékaputra wonten ngarsanira Sangywang Bathara Surapati, ya mangkana yitnanira Sangywang Kanékaputra, "o hok, iki kaki Bathara Éndra lagya siniwaka anemoni putu-putu ulun kaki Prabu Kresna, kaki Prabu Darmakusuma sekadang Pandhawa Dwarawati pepak nrapsila kapya apa samya krungu pawarta, ywan ing Ngéndrabuwana kunggahan parangmuka seka néwasa Ngimataka", yekti mangkana yitnanira Sangywang Kanékaputra, wondéné yitnanira Sangywang Bathara Éndra "lega temen ingkang dadya tyas