Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

113

 Wau ta wong agung ing Ngamarta tuwin wong agung ing Dwarawati sakadang wadya Pendhawa sadaya, sasampunira sami sumekta karsa bebodholan dhateng ing Ngéndrabuwana, tindakira énggal-énggalan.

PLAJARAN, SUWUK, LAGON.

 Wau ta laris tindakira Sinuwun ing Dwarawati tuwin wong agung Ngamarta sakadang wadya Dwarawati Pandhawa sadaya, ingkang karsa sowan ing Ngéndrabuwana, sinigeg genti ingkang kocapa ing kayangan Junggringsalaka, katon muncar soroting Swargaloka.

GENDHING MUNCAR, REP.

 Anenggih punika Sangywang Jagadpratingkah, ingkang miyos siniwaka saweg amanggihi ingkang raka Sangywang Kanékaputra, tuwin para jawata tanapi para yang-yang ingkang mentas sami pacak baris wonten pasanggrahan ing ngarga Semèru, ya mangkana yitnanira Sangywang Nilakantha, "iki kakang Kanékaputra kang ulun duta marang ngarga Semèru, dadi tuwanggana pabarisannya para jawata, wus tekap ana ngarsa ulun karo yoga ulun para jawata kapya, kang samya pacak baris masanggrahan ana ing ngarga Semèru, apa samya kasoran yudanya tuwin Si Winatakwaca, apa ta; oraa", yekti mangkana yitnanira Sangywang Caturboja, wondéné yitnanira Sangywang Kanékaputra, "o hok, iki adhi Guru pinuju lenggah, ulun duga banget anggonnya ngarsa-arsa marang ulun, méndah baya ywan wus ulun cahosi priksa, ywan para jawata tuwin para yang-yang samya tan ana kuwawa nangga yudanya Si Winatakwaċa, anamung Si Winatakwaca wus trima ulun samudanani, malah-malah semangkin wus mulih bebodholan menyang néwasanya ing Ngimataka, "yekti mangkana yitnanira Sangywang Kanékaputra.

SUWUK, KAWIN KULANTHE.

 Wau ta dèrèng dumugi nggènira imbal pangandika, Sangywang Jagadnata kaliyan ingkang raka Sangywang Kanékaputra, kasaru praptanira Sangdyah Sumarsanawati tuwin Sangdyah Mayangsari, ingkang ngirit Sang Begawan Suciptahening, lah ing ngriku anulya tindak.

GANGSA AYAK-AYAKAN, REP.

 Wau ta, sadhatengira Risang Begawan Suciptahening wonten