Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

112

Ngamarta, wondéné yitnanira wong agung ing Dwarawati tuwin satriya ing Jodhipati inggih boten sanès kadi pangétangira wong agung ing Ngamarta.

GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (289).

 Wau ta dèrèng dumugi nggènira imbal pangandika wong agung ing Ngamarta lan ingkang raka Sinuwun ing Dwarawati, tuwin ingkang rayi satriya ing Jodhipati, kasaru dhatengira Ki Lurah Kanthongbolong tuwin Ki Luraḥ Bagong, dumrojog tanpa larapan.

PLAJARAN, PYAK-PYAK, KANTHONGBOLONG TEKA,
KANTHONGBOLONG TEKA,
GANGSA REP.

 Wau ta sadhatengira Ki Lurah Kanthongbolong lan Ki Lurah Bagong wonten ngarsanira wong agung ing Ngamaŕta, ya mangkana yitnanira Sri Darmakusuma, "iki Si Pétruk karo Si Bagong teka ana ngarepanaku dumrojog tanpa larapan, daksawang-sawang kaya gita temen lakuné, apa baya lakuné dhéwé, apa ana kang kongkonan marang dhèwèké", yekti mang kana yitnanira wong agung Ngamarta, wondéné yitnanira wong agung ing Dwarawati, tuwin satriya ing Jodhipati, inggih boten sanès kadi pangétangira wong agung ing Ngamarta, won- déné yitnanira Ki Lurah Kanthongbolong, "é la kabeneran temen lakuku iki, Déwaji Ngamarta agèk pepanggihan karo Déwaji Dwarawati pepak kabèh saputra sentanané, méndah yèn wisa aku matur, iba banget bingahé penggalihé", yekti mangkana yitnanira Ki Lurah Kanthong-bolong.

GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (290).

 Wau ta wong agung ing Ngamarta sakadang Bratapendhawa sadaya, sareng mireng aturira Ki Lurah Pétruk seklangkung marwata suta galihira, lah ing ngriku wong agung ing Ngamarta akarsa ndhawuhaken tata-tata sasumektaning ngayuda, laju arsa nusul ingkang rayi satriya Madukara, sowan ing Ngéndrabuwana, Sri Narendra nulya ngendika.

POCAPAN (291).