111
PLAJARAN,
ANOMAN MABUR, REP,
POCAPAN (288),
GESANG, SUWUK, LAGON.
Wau ta, laris tindakira Risang Begawan Mintaraga lan waranggana kekalih ingkang kadhèrèkaken Ki Lurah Semar lan Nala Garèng, samarga-marga tansah gandrung-gandrung galihira.
GENDHING GANDRUNG-GANDRUNG, REP.
Anenggih punika ingkang wonten pasanggrahan ngara-ara Ngéndrasonya, sinten ta ingkang wonten pasanggrahan ngara-ara Ngéndrasonya punika, inggih Sang Prabu Darmakusuma ingkang saweg lenggah kaliyan ingkang raka Sinuwun ing Dwarawati, tuwin ingkang rayi-rayi ing Bratapendhawa pepak sowan sadaya, ingkang lenggah kidul punika wong agung Ngamarta Prabu Darmakusuma, ingkang wonten tengah nginggil lèr punika inggih ingkang raka Sang Prabu Harimurti, amengkeraken radi kapéring ingkang rayi satriya agul pamenang Radèn Arya Werkudara, ingkang lenggah tengah jèjèr kalih punika Radèn Nakula Sadéwa, kilènira Radèn Nakula punika, putra ing Madukara Radèn Angkawijaya, wétanira Radèn Sadéwa, putra ing Jodhipati Radèn Antareja, wingkingira Radèn Antareja, ingkang rayi Radèn Gathutkaca, kilènira Radèn Gathutkaca, Radèn Wilugangga, kilènira Radèn Wilugangga, Radèn Bambang Irawan, wingkingira Radèn Bambang Irawan punika putra ing Dwarawati Radèn Sencaka, wétanira Radèn Sencaka Radèn Bambang Sumitra, wétanira Radèn Bambang Sumitra Radèn Antaséna, wingkingira Radèn Antaséna punika pepatih ing Ngamarta awasta Kya Patih Udakawana, kilènira Kya Patih Udakawana punika patih ing Dwarawati Rekyana Patih Udawa, kilènira Rekyana Patih Udawa punika satriya ing Garbaruci Radèn Riya Sentyaki, wingkingira Kya Patih Udawa sinambetan andeling Jodhipati Radèn Gagakbongkol, tuwin wadya Ngamarta Dwarawati ambelabar ngèbeki pasanggrahan, pepak sadaya para putra Pandhawa Dwarawati, wondéné sadangonira lenggah Sri Darmakusuma, ingkang ginalih-galih amung pangandikanira ingkang éyang Risang Begawan Abiyasa, kinèn angrerangu wonten ngara-ara Ngéndrasonya, ya mangkana yitnanira Sri Darmakusuma, "kaya kepriyé iki kadadéyané timbalané Kangjeng Éyang Begawan Abiyasa, ndikakaké ngrerangu ana ngara-ara Ngéndrasonya, déné wis antara lawas durung ana kenyatakané", yekti mangkana yitnanira wong agung