110
GESANG, REP,
POCAPAN (283).
Wau ta pun diktya Jathawisaya sareng mulat mangidul wonten méga piyak sangkeping wuri, sampun andugi yèn ingkang nglambung ing yuda, lah ing ngriku pun diktya Jathawisaya nulya wicanten.
POCAPAN (284),
GESANG, PRANG, SUWUK, ADA-ADA.
Wau ta Resi Mayangkara sareng dènbabitaken dhawah ing siti kantep sanalika, pun diktya Jathawisaya girang sumbar nulya wicanten.
POCAPAN SUMBAR (285).
Wau ta Risang Mayangkara sekala awaringut, apa antaraning nepsuning kethèk, buntut njenthar untu maringis, siyung dènisis, alis mancilak sarwi cekrèh-cekrèh ibekan, nulya wangsul dhateng rananggana malih.
PLAJARAN, REP.
Wau ta, Risang Mayangkara ingkang yuda gada lan diktya Jathawisaya sakelangkung déning ramé, tan wonten ingkang kuciwa, lah ing ngriku Resi Prabacana ambek sarosa, mejang asta pun diktya Jathawisaya binithi tandya oncat sekala.
GESANG, PUN JATHASRENGGALA, JATHAKODRAKSA
NIMBRUNG MAYANGKARA, DENAWA ONCAT,
SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (286).
Wau ta Risang Begawan Mintaraga, sareng priksa Resi Mayangkara katingal unggul yudanira, akarsa dènparepeki lawan apsari kekalih, sarta kadhèrèkaken parepatan kalih, tindakira énggal-énggalan.
PLAJARAN,
WEDALIPUN MINTARAGA, PARA WIDADARI UTAWI
PERPAT SAKING KIDUL,
GANGSA SUWUK, LAGON,
POCAPAN (287),