109
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (278),
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (279).
Wau ta Risang Begawan Suciptahening nulya ngasta a gemira jemparing, cag, angiwakaken gendhéwa, anengenaken jemparing, jumangkah suku kang kiwa, mancat siti suku kang tengen, gumerèt kang langkap denta.
PLAJARAN, PRANG TIMBRUNGAN,
MINTARAGA DIPUN TIMBRUNG PUN JATHASURA
JATHAKRURA, DENAWA TIGA ONCAT,
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
SUMBAR (280),
PLAJARAN, SUWUK.
Éling pun diktya Jathagumbala, Jathasura, Jathakrura oncat, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika dhateng pun Jathawisaya, yèn kancanira sami oncat, seklangkung bremantyanira, akarsa majeng sura madilaga, lah ing ngriku nyat, anulya majeng.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (281).
Sébetbyar, wau ta, Risang Begawan Mayangkara ingkang nganglang anèng jumantara, sareng mulat mangandhap wus datan kasamaran, yèn Begawan Suciptahening kinrubut ing yuda déning raseksa ing Ngimataka, lah ing ngriku akarsa tetulung, pun diktya Jathawisaya dèntimblis.
PLAJARAN, REP.
Wau ta pun diktya Jathawisaya ingkang dèntimblis pok kupingira déning Risang Ramadayapati ambruk ing siti, supé purwa duksina, Begawan Mayangkara girang sumbar nulya ngendika.
POCAPAN SUMBAR (282).
Wau ta pun diktya Jathawisaya sareng kasilir ing mandra maruta, jenggirat anulya tangi.