108
ing marga Caturdhendha, wadya raksasa jim ing Ngimataka, solahira lir jangkrik mambu kili.
GENDHING JANGKRIK GINGGONG, REP.
Anenggih punika ing Caturdhendha, ingkang winarnèng carita semangké, basa catur papat dhendha dedalan, sinten ta ingkang wonten margi prapatan punika, wadya jim ing Ngimataka, ingkang wonten kidul kilèn punika pun Jathagumbala, anengenaken pun Jathawisaya, wondéné ingkang wonten lèr kilèn punika pun Jathasura, angiwakaken pun Jathakrura, Jathakrura ngiwakaken pun Jathakodraksa, Jathakodraksa ngiwakaken pun Jathasrenggala, ya mangkana yitnanira pun Jathagumbala, "é haé, déné wus antara lawas ora ana katon Begawan Suciptahening, apa baya wis palastra ana sajroning guwa, yèn ora ana kétok sadina rong dina banjur takparani menyang pratapané, sapira banggané pandhita siji", yekti mangkana yitnanira pun Jathagumbala, wondéné yitnanira pun Jathawisaya inggih boten sanès kadi pangétangira pun Jathagumbala.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (274).
ADA-ADA,
POCAPAN (275),
PLAJARAN, DHAWAH AYAK-AYAKAN, REP.
Wau ta lampahira Risang Begawan Mintaraga tuwin waranggana kekalih ingkang saweg sami ngaso wonten sangandhaping kajeng mandéra, ingkang tansah wonten ngarsanira amung perpatira kekalih.
GESANG, SUWUK,
POCAPAN (276).
Wau ta, dèrèng dumugi anggènira imbal pangandika Risang Begawan Suciptahening lawan waranggana kekalih, kasaru dhatengira rota denawa ingkang angepung ambaya mangap, swaranira gumeder gumuruh kadya gerah.
POCAPAN (277)
Sébetbyar wau ta, sareng katalika dhateng pun diktya Jathagumbala, lah ing ngriku nyat anulya majeng.