Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/121

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

107

Éndra, ulun duga banget gitanya Sang Pandhita", wondéné yitnanira Dèwi Mayangsari inggih boten sanès kadi pangétangira Dewi Sumarsanawati, wondéné yitnanira Sang Begawan Suciptahening, "iki dakwes padakaké kaya ana apsari saka swarga, prapta ana ngarsaningsun sarta mundhi nawala, apa baya diutusa Sangywang Bathara Éndra animbali marang ingsun", yekti mangkana yitnanira Risang Begawan Suciptahening.

GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (269),
LAGON NAMPI SERAT, RAMPUNG MAOS, KANDHA.

 Wau ta Risang Begawan Mintaraga ri wusnya titi pamaosing nawala, seklangkung kacaryanira ing galih marang jawata kang minulya, tandya karsa ngaturi ingkang para kadang Bratapendhawa tuwin ingkang raka Sinuwun Dwarawati, laju kinèn nusul sowan dhumateng Ngéndrabuwana, Sang Pandhita nulya ngandika.

POCAPAN (270),
PLAJARAN, REP,
POCAPAN (271),
GESANG, SUWUK,
POCAPAN (272),
KAWIN PANGKUR, PLAJARAN DHAWAH AYAK-AYAKAN, REP.

 Wau ta Risang Begawan Suciptahening lan widadari kekalih, Sangdyah Sumarsanawati Sangdyah Mayangsari kadhèrèkaken Kyai Lurah Semar lan Nala Garèng, ya mangkana yitnanira Sang Begawan Mintaraga, "lega temen rasaning atiku, aku tumuli ditimbali marang Sangywang Jagadpratingkah, katujuné aku tumuli ditimbali, bokmenawa kebacut-bacut rusaké géndrabuwana", lah ing ngriku akarsa lajeng anulya ngandika.

POCAPAN (273),
GESANG, SUWUK.

 Wau ta, laris lampahira Sang Begawan Suciptahening lan waranggana kekalih ingkang sumedya sowan dhumateng kayangan Junggringsalaka, Risang Begawan Mintaraga samarga-marga tansah angajap tempuking ngayuda, mengsah Prabu Winatakwaca. Sinigeg genti kocapa,