Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

106

LAJENG TATEMBANGAN ALELAGON BARANG MIRING
NGUNDANG ANAK-ANAKIPUN, MAWI SUKAN-SUKAN
SAWETAWIS, SEMAR BAWA SWARA, KADHAWAHAKEN
GENDHING LADRANG TAMA, REP.

 Anenggih punika pratapan ing ngardi Ngéndrakila, sinten ta ingkang pilenggah pratapan ing Ngéndrakila punika, inggih Begawan Suciptahening, inggih Resi Mintaraga, ingadhep perpatira sekawan, Ki Lurah Semar saanakira tuwin kang para cantrik, wasi jejanggan manguyu lebu guntung samya pepak sowan sadaya, ya mangkana yitnanira Sang Begawan Suciptahening, "ora kaduga atiningsun, déné wis antara lawas durung ana dhawuhing jawata, apa baya diwurungna karepé Si Winatakwaca nggoné duwé panuwun arep anggarwa Dèwi Supraba, apa ta oraa", yekti mangkana yitnanira Risang Begawan Suciptahening.

GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (267).

 Sébetbyar wau ta, dèrèng dumugi nggènira imbal wecana, Risang Begawan Mintaraga lawan ingkang para cantrik tuwin Ki Lurah Semar saanakira, kasaru praptanira Dèwi Sumarsanawati lawan Dèwi Mayangsari sarwi mundhi nawala, tindakira akapang-kapang.

GANGSA AYAK-AYAK, REP,
POCAPAN (268),
GANGSA GESANG, REP.

 Wau ta sapraptanira Dèwi Sumarsanawati lawan Dèwi Mayangsari wonten ngarsanira Begawan Mintaraga, kang para cantrik wasi jejanggan tuwin puthut lebu guntung sami kagèt njenger sadaya, déra katembèn mulating warna, dadya pating kalesik, lwan wonten kang kecap-kecap, sawenèh angusap-usap jaja, wenèh mlongo kethip-kethip, kangragi bandhol atudang-tuding, jejawilan kancanira wimbuh katampek kongasing ganda arumira angebeki papan, wondéné Sangdyah Sumarsanawati tuwin Sangdyah Mayangsari sarawuhira wonten ngarsanira Sang Pandhita, ya mangkana yitnanirà Dèwi Sumarsanawati, "kabeneran laksita ulun iki déné Begawan Suciptahening lagi mudhar enggènnya muja semadi, déné sun sawang-sawang ulat pasemunya ora mantra-mantra yèn maratapa, malah-malah sunaring wedana kaya pengantèn anyar, dènya ndulu mring ulun liringnya ngemu datan persaja, méndah baya ywan wus ulun saweca wedharing sebda Sangywang Bathara