105
yitnanira pun cantrik Wignyakarti, "iki Sangadi Panembahan mentas mudhar anggoné mangun semadi, pinuju lenggah ana ing pacrabakan nimbali wong kang kaya aku, apa déné kancaku cantrik kabèh, baya ana karsané apa", yekti mangkana yitnanira pun cantrik Wignyakarti.
GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (265).
Sébetbyar wau ta, Risang Begawan Mayangkara akarsa ngambah ing jumantara, sigra muryani ingkang busana.
KAWIN.
Sébetbyar wau ta, Risang Begawan Mayangkara ingkang matek kasudibyanira, anulya dènkencengaken sumping mangkarané, dèncancutaken sebéné, dènsingseti paningseté, dènwingkis kampuhé, sareng dènencot wentisé, dènembat walikaté, dènbèbèr kuncané, asru anggedrug siti, gegana kang dèntenga, sekala blas anulya sirna.
PLAJARAN, SUWUK.
Wau ta laris lampahira Begawan Mayangkara, ingkang ngambah jumantara arsa nganglangi ing Ngéndrabuwana, lah ing ngriku sekala andhatengaken prabawa, aru-ara ing Suralaya kadya kinocak kawah Candradimuka, yayah ginonjing balé Marcukundha, lir ingoyag lawang séla matangkep, ngolang-ngaling sapi Gumarang, kumitir pethité Ywang Antaboga, wondéné gara-gara ing marcapada segara umob, bumi obah, lindhu ping pitu sedina, gunung gumludhug, ing gegana ngemu riris, kluwung pating palengkung téja mangkara.
PLAJARAN SESEK, REP,
POCAPAN (266),
PRANG GESANG, SESEK, SUWUK, LAGON.
Sirnaning gara-gara wonten punakawan catur, kacatur guru wulu cumbonira Risang Begawan Suciptahening, awasta Ki Lurah Semar, Garèng, Pétruk, Bagong, perpat sekawan wau wonten sajawining prata- Ki Lurah Semar tansah sami asukan-sukan tatembangan, alelagon, titi tundha, gagak ingaran.