104
POCAPAN (262),
PLAJARAN, NURADA MABUR, WINATAKWACA NGADEG,
GANGSA REP,
POCAPAN (263).
Wau ta Kya Patih Bomakéndra tanapi ingkang para raja tuwin sawadyabala sadaya, sareng priksa Sang Prabu Winatakwaca katingal unggul yudanira, akarsa marepeki, tindakira énggal-énggalan.
GANGSA GESANG,
WINATAKWACA, TOGOG SARAITA DHATENG GAWANG
KIDUL, PATIH UTAWI RAJA SAKING LÈR
SAWADYA SADAYA,
SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (264).
Wau ta, Prabu Winatakwaca sasampunira sumekta sawadyabala- nira sadaya, akarsa lajeng kundur dhateng nagari Ngimataka, tindakira énggal-énggalan.
PLAJARAN, SUWUK, LAGON.
Wau ta laris tindakira Prabu Winatakwaca, ingkang karsa kundur dhumateng nagari Ngimataka, lampahing wadyabala Ngimataka, samarga-marga lir mulat puspa warna manahira. (seklangkung trustha tyasira lir mulat puspa tumiyung éndah kang warna).
GENDHING PUSPAWARNA, REP.
Anenggih punika pratapan Kendhalisada, sinten ta ingkang pilenggah wonten pratapan Kendhalisada punika, inggih Risang Begawan Anoman, Begawan Anoman inggih Resi Mayangkara, Resi Mayangkara inggih Risang Ramadayapati, inggih Risang Bayuatmaja, ingkang lagya pinuju lenggah ing pacrabakan ingadhep ingkang para cantrik, ingkang sowan ngajeng tengah lèr punika, lelurahing para cantrik, awasta cantrik Wignyakarti, amengkeraken kancanira cantrik sekawan awasta Wignya- gati, Wignyatani, Wignyamerti, Wignyasari, ya mangkana yitnanira Sang Begawan Mayangkara, "ora geduga rasaning atiku, kersané Sangywang Bathara Éndra iki, déné ing Ngéndrabuwana nganti kunggahan parang muka seka nagara Ngimataka, ora nganggo paring priksa marang wong kang kaya aku", yekti mangkana yitnanira Risang Bayuatmaja, wondéné