Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

102


malatu-latu, siyung lungit mangisis, nétra andik lir surya, ya mangkana yitnanira Sang Prabu Winatakwaca, "É haé, iki Bathara Brama methukaké menyang aku, apa ngluwihi mana kadigdayané, layak ngendelaké ajiné dahana, iya senajan ngetokna ajiné dahana pitung gunung urupé, aku mangsa wediya", wondéné yitnanira Sangywang Bathara Brama, "iki Si Winatakwaca maju sura madilaga, déné kepati-pati temen anggonnya minta Si Supraba, baya ngendelaké kadigbyanya semangkin tandhing lawan ulun", yekti mang kana yitnanira Sangywang Bathara Brama.

SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (257).

 Lah ing ngriku Sangywang Bathara Brama tandya ngasta agemira gada, cag, sarwi ngandika.

PLAJARAN, REP.

 Wau ta Sangywang Bathara Brama ingkang yuda gada kalayan Prabu Winatakwaca, Sangywang Bathara Brama wanti-wanti panggadanira, ananging datan rinasa, Sangywang Bathara Brama ginetak dhawah kantep sanalika.

GESANG, SUWUK, ADA-ADA.

 Wau ta Sangywang Bathara Brama, tandya amesu cipta, asidhakep suku tunggal, nutupi babahan nawa sanga, amatèni pancadriya, panca lima driya angen-angen, matèni nepsu limang prakara, semana wus katrima panuwunira déning Ywang Wisésa, sekala mijil ingkang dahana, gumledhèg lir arga gora, ngalat-alat gumrubug anempuh mengsah.

PLAJARAN, REP.

 Wau ta Prabu Winatakwaca ingkang kataman dahana, seksana gya nyipta kang warastra maruta, asta sidhakep asuku tunggal, wus katarima gya mijil kang sara maruta sangking angganira, sekala sirna kang dahana.

SANGYWANG BATHARA BRAMA KABUNCANG
DHAWAH SAJAWINING PABARISAN,
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (258).