GESANG, SUWUK, ADA-ADA, POCAPAN (250), PLAJARAN PRANG, SUWUK, ADA-ADA, DÉWA KAWON, POCAPAN (251) SUMBAR.
Éling déwa sekawan kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika dhateng Sangywang Mahadéwa, sareng priksa Sangywang Karaba,Ywang Wiratma, Ywang Guritna, Ywang Tantra kaplajar, akarsa mang-sah ing sura ngadilaga, lah ing ngriku nyat anulya majeng.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA, POCAPAN (252), PLAJARAN, PRANG, DENAWA DIPUN SUDUK PEJAH, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (253), PLAJARAN, SUWUK.
Éling pun diktya Mamangsrenggi kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika dhateng pun Wisabirawa ingkang majeng sura madi-laga, kapethukaken kaliyan Sangywang Bathara Yamadipati, nyat anulya majeng sareng.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA, POCAPAN (254), PLAJARAN, PERANG, SUWUK, ADA-ADA, POCAPAN (255), SUMBAR (256), PLAJARAN, SUWUK.
Éling Sangywang Bathara Yamadipati keplajar, nyata, nyata. Wau ta sareng katalika dhateng Sangywang Bathara Brama, sareng priksa Sangywang Bathara Yamadipati keplajar, sakelangkung dukanira, akarsa nyalirani ing ngayuda, tandya kapethukaken Sang Prabu Winatakwaca, lir sinipi dukanira.
GENDHING SEMINGIN, REP.
Wau ta, Sang Prabu Nirbita ingkang majeng sura madilaga, sareng aningali Sangywang Bathara Brama, saya muntap kurdhanira, kang jaja