100
Kangjeng Rama, déné praptanya asigra-sigra", wondéné yitnanira Sangywang Bathara Sambu tuwin Sangywang Bathara Bayu inggih boten .sanès kadi yitnanira Sangywang Bathara Brama.
GESANG, SUWUK, KAWIN SWALADARA,
POCAPAN (248).
Wau ta, dèrèng dumugi anggènira imbal wecana Sangywang Bathara Nurada lan Sangywang Bathara Brama tanapi Sangywang Bathara Sambu tuwin para yang-yang, kasaru praptanira jawata kajineman, Sangywang Gitawecana nyaosi priksa yèn mengsah saking Ngimataka ndhatengi, lah ing ngriku dumrojog tanpa larapan.
PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (249).
Wau ta Sangywang Bathara Kanékaputra tuwin para jawata miwah para yang-yang sareng sampun sami sumekta anggènira pradandosan sasumektaning ngayuda, karsa bebodholan methukaken mengsah saking Ngimataka, lah ing ngriku tindakira énggal-énggalan.
PLAJARAN, SUWUK.
Wau ta sawedalira para jawata saking pasanggrahan, lajeng sami anindhihi para yang-yang tuwin sagung jawata, tandya mangsah tan riringa arebut ngarsa, sareng dumugi sajawining ara-ara pasanggrahan, sareng dedamel mengsah katingal, lajeng atata gelar, tandya munya tengaraning aprang, tan parunggyan umyung gumuruh, sareng dhawuh alok mungsuh amuk.
PLAJARAN, REP.
Lah ing ngriku anulya campuh ing ngayuda, mungsuh rowang sami sudira, bereg-binereg tan ana ingkang kuciwa, wadya ing Ngimataka ngamuk tandangé anggegirisi, gumuruh angamuk sura, kang raksasa anggegilani tandangira, jawata sakelangkung kabyatan lawan, mawut-mawut bubar-bubar tataning gelar. Wau ta sareng katalika andeling jawata sekawan, wasta Ywang Tantra, Ywang Guritna, Ywang Karaba, Ywang Wiratma, nulya majeng anglancangi kanca, kepethuk pangajenging lampah awasta pun diktya Mamangsrenggi, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.