99
Wau ta sawedalira ing jawi pun Jathagumbala tuwin pun Jathawisaya, kapethukaken kancanira jim raseksa sekawan, pun Jathasura, pun Jathakrura, pun Jathasrenggala, pun Jathakodraksa, ya mangkana yitnanira pun Jathagumbala, "iki si adhi-adhi padha nusul kang dadi lakuku, apa ta karepé dhéwé, apa ta diutusa menyang Kangjeng Déwaji, déné asigra-sigra lakuné", yekti mangkana yitnanira pun diktya Jathagumbala, wondéné yitnanira pun diktya Jathawisaya inggih boten sanès kadi pangétangira pun diktya Jathagumbala.
GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (247),
PLAJARAN, SUWUK, LAGON.
Sébetbyar wau ta, laris lampahira pun diktya Jathagumbala sakancanira wadya jim raseksa ingkang arsa mecambengi pratapan ing ngardi Ngendrakila, lampahira samarga-marga solahnya kadya peksi muluk kineplokan.
GENDHING ULUK-ULUK, REP.
Anenggih punika para jawata ingkang sami masanggrahan ing ngarga Semèru, wondéne ingkang lenggah kidul tengah punika Sangywang Bathara Nurada, anengenaken Sangywang Bathara Şambu, angiwakaken Sangywang Bathara Brama, wondéné ingkang wonten lèr tengah punika Sangywang Bathara Bayu, anengenaken Sangywang Mahadéwa, ngiwakaken Sangywang Bathara Komajaya, Sangywang Bathara Komajaya amengkeraken Sangywang Bathara Surya, Sangywang Bathara Surya anengenaken Sangywang Bathara Rakswarodra, Sangywang Bathara Rakswarodra anengenaken Sangywang Asmara, ingkang wonten tengah punika Sangywang Bathara Yamadipati, anengenaken Sangywang Bathara Panyarikan, angiwakaken Sangywang Bathara Mahéswara, sinambetan para andeling jawata tuwin para yang-yang pepak ambelèbèr angebeki pasanggrahan, ya mangkana yitnanira Sangywang Bathara Kanékaputra, "iki samya pepak kapya yoga ulun para jawata, ulun sawang samya sumringah mrengangah semunya, samya gembira tyasnya semangkin, mangka iki Si Winatakwaca ulun duga wus arsa tekap maninggya ing Ngéndrabuwana, ywan kadya mangkana para jawata bakal karusakan, mungsuh lawan Si Winatakwaca, sabab Si Winatakwaca keluwih kadibyannya", wondéné yitnanira Sangywang Bathara Brama, "iki Uwa Sangywang Bathara Kanékaputra prapta ana ing ngarga Semèru, apa baya kawismayanya priyangga, apa ta dinuta marang